17 Agustus iku dina riyaya kamardikan RI. Tahun iki wis ngancik pengetan kaping 63. Ana ing sadhengah papan kapasang tarub, umbul-umbul lun kumlebeting bandera abang-putih, gawe semaraking swasana. Upacara bendera lan pameran, uga lomba-lomba dianakake kanggo ngregengake pitulasan. Lagu-lagu kebangsaan sing nggugah semangat nasionalisme keprungu uga ana ing radio lan televisi. Meriah.
Saben tahun kaya mangkono. Pitakonane: Bar pesta pitulasan njur arep ngapa? Wuuuuung... Wes hewesewes.... bablaaasss angine! Nunggu tahun ngarep maneh... lan sateruse. Lha trus, piye?!
Tembung "merdika" ing seputar perayaan pitulasan sok asring ditakonake maknane. Jawabane bisa mambu-mambu politis utawa pribadi, gumantung sapa sing ngudhar gagasane. Nanging intine tembung iku momot kautaman moral-etika kanggo urip pribadi lan bebarengan minangka jejering manungsa sejati. Mula yen dilelimbang sing jero, perayaan HUT kemerdekaan kudune ana transfer kautaman moral-etika iku marang para generasi penerus: bocah-bocah, remaja lan kawula mudha. Perayaan pitulasan samesthine kepengin memetri rasa tresna lang bombong marang bangsa-negarane dhewe, tresna marang uripe dhewe lan pepadha tanpa mbeda-mbedaake. Yen iku ora kasedya, perayaan regenge kaya ngapa wae datan ana paedahe.... nggambus thok! [skd]
3 comments:
Janjane sing luwih penting dudu ceremonial perayaan pitulasan, nanging kepiye carane ngisi kamardikan iki supoyo negara bisa aman, tentrem, makmur, gemah ripah loh jinawi lan ora pada rebutan dadi panguasa. Setuju tho mas?
Setuju suangeeeet, Mbah!
leres punapa ingkang kaandharaken, mliginipun perkawis tuladha sae,
nanging kados kok sarwa-ewet pakewet anggenipun badhe pados pribadi ingkang pantes tinulad ing jaman samangke,
mangga sesarengan sami saeka-praya ambudi-daya kangge saening bebrayan bangsa, kados ingkang dados tujuwaning kamardikan punika
nuwun
Post a Comment