Dina riyaya Lebaran 1429 H wis kliwat. Aku nganti ora sempat ngaturake ucapan "Selamat Idul Fitri" ing blog iki, marga melu prei lan ora sempat akses internet sajroning liburan. Sedulur-sedulur sing padha mudhik nganti wus balik maneh. Kutha Jakarta wus rame maneh, mbok menawa wus tambah penduduke dening sedulur-sedulur anyar sing duwe pangarep-arep gedhe marang gumebyaring kutha metropolitan iki.
Nyipati arus mudik lan arus balik Lebaran tahun iki, murugake aku ngalamun. Ora ngalamun marga ora bisa mulih menyang Jogja lan kumpul karo kulawarga, nanging aku ngalamunake underaning tembung sing dadi kawigatenku, yaiku "nyambut gawe". Awit, akeh-akehing wong sing padha neba ing kutha gedhe, luwih-luwih Jakarta, racake padha duwe pawadan "golek gawean"; kepara ana sing nganggo tembung "ngadu nasib". Kang ana ing gegambaranku, gegandhengan karo budaya mudik Lebaran, wong-wong iku padha "golek dhuwit", diklumpukake supaya samengko ing mangsane bisa kanggo sangu mudik lan ngriyayaake Idul Fitri ing kampung halamane.
Bareng dak lelimbang, tembung "nyambut gawe" iku werdine luwih jero tinimbang "makarya". Ing bahasa Indonesia karo-karone ateges "bekerja" utawa "berkarya". Aku nganggep yen "nyambut gawe" iku minangka tembung camboran awit yen dipisah "nyambut" lan "gawe" duwe teges dhewe-dhewe sing beda. "Nyambut" bisa ateges "nyilih", bisa uga "mapag" utawa "menyongsong" lan "manggaake". Dene "gawe" bisa ateges "yasa", "nyipta", "karya" nanging uga bisa ateges "pesta". Mula yen ana sedulur sing lagi mantu, awake dhewe ngarani "Sedulur iku nembe duwe gawe mantu." Lha, yen tembung "nyambut gawe" diterjemahake kanthi "bekerja" utawa "berkarya" thok, rasane kok ana sing kurang.
"Nyambut gawe" saka panglimbangku nduweni werdi sing luwih tinimbang mung makarya, golek dhuwit utawa pangupajiwa. Nanging tembung iku kaya-kaya momot kautamaning priyayi Jawa sajroning pasujarahaning urip ing marcapada iki. Wong Jawa iku duwe sesanti luhur: "Empan papan, sepi ing pamrih, rame ing gawe, mamayu hayuning bawana". Mula saka pangrasaku tembung "nyambut gawe" iku nuduh marang "rame ing gawe" ana ing sesanti iku. "Aku nyambut gawe," ateges aku makarya ing sajroning rantaman adicara pesta ana ing bebrayatan agung iki; pakaryan sing dak tindakake iki dadi bageaning pesta sing samengkone bakal tekan titi wancine.
Idul Fitri bisa dadi puncaking "pesta" iku. Mula yen saiki aku panjenengan padha keklumpuk bandha "lahir lan batin", iku pancen wus samesthine kanggo nyawisake dinaning riyaya ing tahun ngarep! Sing kudu tetep dak sadhari, "pesta" ing kene awujud pesta jasmani-rohani sing agawe hayuning bawana!
Sanadyan sampun telad, keparenga kula ngaturaken: SUGENG RIYADI IDUL FITRI 1429 H. Nyuwun pangapunten lahir-batin dhateng sadaya kalepatan kula ing blog punika. Mugi jagad enggal saged kabangun kanthi kebak ing berkah Dalem Pangeran! Amin. [skd]
1 comment:
sugeng ndalu kagem sedanten blogger indonesia, mugi mugi podo sukses sedanten
Post a Comment