Tuesday, February 10, 2009

Aksara lan basa Jawa vs. "Message sent!"

Biyen, rikala isih SD kelas V (th. 1982) aku wis tau didhawuhi supaya makili sekolahan melu lomba maca aksara Jawa ing tingkat kecamatan. Aku grogi lan ora pe-de. Nanging bapak lan simbah cilikku nyengkuyung lan sumadhia mbiyantu. Ndilalahe nang omah bapak isih kagungan buku crita nganggo aksara Jawa. Aku isih kelingan buku iku nyritaake lakone Damarwulan lan Menakjinggo, Naya Genggong lan Sabda Palon. Bukune wus kucel, samake wis ilang. Saben sore aku diajak simbah cilik maca buku iku. Wah, yen simbah maos jan wis kaya aku maca aksara latin, ndlujur lancar kae. Anggone maos sok nganggo ura-ura barang, wong dhasare ing buku kuwi akeh pada tembange. Mbokmenawa marga dipleter simbah cilik lan bapakku, anggone melu lomba malah tekan kabupaten! Mbuh menang apa ora, wektu iku aku malah ora ngerti hasile, nanging apese aku wus ngetog kabisan wulangane simbah cilik.

Nanging kuwi biyen.....

Yen saiki aku dikon maca buku aksara Jawa maneh, hihihi... mesthi nunak-nunuk! Dak kira ora mung aku sing nunak-nunuk - iku wae isih mendhing - akeh sedulur (perangan gedhe, meh kabeh?) yen nyipati tulisan pating kluwer iku wae wis ora mudheng. Bener?

Ora maidu, jalaran aksara Jawa wis ora dianggo ing salumrahe tulisan jaman iki. Yen isih, iku mung ana ing kitab-kitab, literatur-literatur utawa kasusastran kuna lan prasasti. Yen nang kutha Ngayogyakarta isih lumayan kanggo nuduhake jeneng dalan! Aksara Jawa sithik mbaka sethithik mlebu ing kothak sejarah.... Aksara Jawa dadi kagunan (kabudayan) sing anane ora ing caturan saben dina, nanging ing donyaning seni: dadi tulisan ing souvenir, kaos lan pernak-pernik liyane sing gegayutan karo citarasane wong Jawa. Cekake, aksara Jawa wus mlebu ing gedhong pusakane wong Jawa sing kalamangsane dibukak, diudhari, dielus-elus nganti resik, dijamasi, syukur-syukur didudut wedharan falsafahe sing adiluhung, banjur dilebokake maneh ing gedhong...

Apa maneh aksara Jawa, lagi basa Jawa wae wus ora diugemi sacara ganep miturut pranatan unggah-ungguh lan paramasastrane. Angil lan mambu-mambu feodalisme! Mangkono sing biasane dadi pawadan kenangapa kok bocah-bocah saiki yen nggunaake basa Jawa pating trunyuk ora karuan! "Wis maem durung, Le?" "Dereng, Mbah, kula dereng dhahar!" Karepe arep basa alus nanging malah ora sopan! Aaaah... angil! Sumelang ndakne kleru, aluwung ora sah basa! Sing penting komunikatif, kaya lapuran sabubare ng-SMS: pesan sampai... Message sent! Perkara SMS-e ditampa apa ora, urusan mengko.....

Aksara lan basa Jawa dianggep malah ngengel-ngel komunikasi. Arep ngomong wae ndadak mikir dhobel-dhobel! Marga ketungkul mikir tatabahasa lan kosakatane, wosing rembug sing arep diomongake malah lali.....

Yen mung ndulu marang gagasan praktis, saperangan lan apa prelune, aksara lan basa Jawa ing jaman saiki pancen dadi ora populer. Pranatane luwih komplek tinimbang basa Indonesia utawa Inggris.

Nanging, yen wong kepingin nggegulang komunikasi sing wutuh (cipta-rasa-karsa) basa Jawa patut digatekake. Awit, sing jenenge komunikasi iku ora mung transfer gagasan praktis thok, nanging pribadi wutuh sajiwa-raga. Ana unen-unen kuna, "Ajining dhiri gumantung ana ing kedaling lathi! Ajining raga gumantung ana ing rasuk busana!" Yen basa iku klebu kagunan (tegese sing digunakane), ateges uga basa iku klebu busana! Arepa kere gombal yen wicara basane alus, sowan marang Sri Sultan mesthi bakal gawe sengsem Panjenengane!

Dak akoni, ing urip saben dina aku arang nganggo basa Jawa sing genep. Apa maneh ing pertemuan resmi. Nanging pengalamanku nggegulang lan digegulang marang olah basa Jawa ndadekake aku luwih nggenah lan ngati-ati anggone mapanake awak ing madyaning pasrawungan agung.

Odysseus (tokoh epik Yunani) ngendika marang Telemachus putrane, "Ngger, nesu iku gampang! Nanging nesu marang wong sing samesthine, kanthi pawadan sing bener, cara sing pener, ing papan lan wektu kang trep, iku ora gampang! Lan iku sing bakal ndadekake sliramu nduweni martabating manungsa sing wicaksana!"

Sanadyan aku bocah Jawa, aku bisa sarujuk lan gampang nampa kawicaksanane wong sabrang iku! [skd]

Website sing patut dirawuhi: Situs Resmi Aksara Jawa | Languages of The World | BornJavanese's Links

10 comments:

Suster Gila said...

hahaha
Saya baru sadar, ternyata Panjenengan 100% bener.
Tadinya saya mau kasih komentar pake bahasa jawa tapi... zzzzuzzyaahhh!
Salut untuk Anda.

Kandar Ag. said...

Hahahaha... lak temenan!

Abilowo said...

Jujur saja, untuk mencari rekaman keroncong jawa, gending jawa dan wayang kulit, selain disini, harus mencari di blog Jepang, Belanda dan Perancis, jadi apakah mungkin generasi mendatang bila ingin mempelajari bahasa kita sendiri harus keluar negeri?

Mbah Suro said...

Jujur saja walau saya ngaku Simbah, ternyata saya tidak pandai bahasa Jawa. Mas! Anak lanang wis pinter apa?

Pambajeng "Broer" Argaputra said...

Upami kula rumiyin (taksih sekolah ing SD lan SMP), uger badhe wiwit wulangan basa Jawa, langsung mumet yen dumugi huruf Jawa. Cleng...cleng! Yen ujian, boten nate pikantuk sae. Punika sampun kula rewangi nurun rencang sanes! Sapunika? Tansaya bubarrr....!
(Wah...nemu blog Panjenengan iki, aku sejatine banjur bisa latihan nggawe ukara Jawa lho Mas) Ngaras-ngirus sinau maneh.

Kandar Ag. said...

@Abilowo: ...semoga tidak sampai terjadi seperti itu, Mas! Apa kata dunia?!

@Mbah Suro: Hehehe...boten kedah "pandai", Mbah. Nanging saged... hehehe.
Anak lanang sampun saged mesam-mesem, ngguyu lan tanggap ing pangliling. Saya tembem je... ngentutan barang! Hahaha... Pangestunipun kemawon, Mbah Suro.

@Aku-Peziarah: Hihihi... jebul... Syukur yen lajeng kakethik malih. Eh, ing Multiply kathah kanca, lho! Gadhahan kula ing mriki: [KLIK].

MUKIYO said...

Lha...
Blog kados punika ingkang sampun dangu kula goleki.

Nggih, mugi-mugi tiyang jawi mboten lali kaliyan jawinipun.

Nuwun.

Sugeng Kariyodiharjo said...

Menawi panjenengan ingkang dedalem wonten tlatah Surakarta Hadiningrat saha tlatah Ngayojakarta Hadingrat ngawuningani kawontenan ingkang kados makaten. Punapa malih kula ingkang saking tlatah pesisiran , sangsaya anglangut nyamut-nyamut. Lan menawi wonten dhanganing panggalih, katuran pinarak wonten rompok kula.

Unknown said...

mas kandar....menawi wonten kidungan dandanggula nopo pangkur dipun upload wonten mriki. kulo browsing kok boten wonten nggih. sakderengipun maturnuwun.

nuwun
budi sleman

Kandar Ag. said...

@OTODA: sampun wonten kok, Mas, sawetawis. Dipun ketik kemawon Dhandhang gula ing nginggil punika... utawi ugi wonten ing mriki.

Matur nuwun, Mas, sampun kersa rawuh mriki. (``,)

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator