Friday, February 20, 2009

Dus-dusan

Nglakoni urip ing Jakarta udakara limang tahun, kaya-kaya banjur akeh bab sing maune lumrah ing tlatah pedusunan dadi katon istimewa. Yen ing Jogja, sawah lan pegunungan iku wus dadi sesawangan saben dina, sasat saben jumangkah metu saka ngomah weruh sawah lan gunung. Nanging ing Jakarta, ana sawah saumrit ing pinggir kali ing tengah-tengah kampung panggonanku dadi katon endaaaah banget. Yen ing ngomah Nanggulan kana kandhang wedhus ambune sasat wis ora digape, balik ing Jakarta kene aku bisa kasengsem karo ambune kandhang wedhus ottawa kagungane pawongan ing pinggir kampung! (Hehehe... yen bojoku sing biasane mlakune alon dadi nggendring marga enggal kepingin nglungani kandhang kuwi, aku malah alon-alon sajak mat-matan kae!) Ambu prengus bisa dadi obat kangen ngomah!

Ndilalahe omahku ing desa kana cedhak karo kalen (kali cilik). Ing papan kono biyen aku sok tawu utawa nyeser iwak. Ya ing kalen kulon omah iku uga aku bubar angon banjur dus-dusan ngiras pantes ngguyang kebo karo kanca-kanca. Yen pas mangsane ora angon ning kalene mili rada bening lan hawane panas sumilir, tambah maneh bosen anggone uglek dolan, tambane dus-dusan! Kepara malah swargi Pakdheku ya melu ambyur, ngajari ciblon (dolanan banyu nganggo tangan gawe swara sing harmonis memper swara kendhang). Bungahe bocah-bocah rikala iku ora bisa kagambarake maneh. Ana sing ngajak tandhing suwe-suwenan lehe nyilem, suwe-suwenan anggone mbathang, ngambang, utawa adoh cepet-cepetan anggone nglangi. Ambyur njempalik utawa salto saka ngebuk uga dadi ketrampilan sing bisa ditandhingake kalawan kanca-kancane. Jaaan... pokoke kalen kulon omah kae wis tau dadi kaya arena pertandingan sing nyenengake, arepa ora padha karo ing stadion utawa gymnasium.

Dipenginga kaya ngapa, sing jenenge dus-dusan ing wayah awan tetep dilakoni. Yen durung nganti cathuken lan epek-epek padha kisut mengkerut ya durung mentas. Arepa bubar kuwi kulite dadi mbekisik - isa kanggo nulis marga dhangkale (daki) nglothok - nanging tetep wae ditindakake. Kala-kala sok kanthi sesidheman aja nganti Bapak priksa! Bab mbekisik, mengko dibilasi adus ing sumur nganggo sabun wangi, beres!




Sensasi kaya mangkono iku mau kaya-kaya kagambarake maneh rikala aku nyipati bocah-bocah pinggir Kalimalang padha dus-dusan. Wiiiis.... jan presis kaya aku biyen! Bocah pirang-pirang cucul klambi lan kathok banjur bergaya ambyur ing kali saka jembatan. "Barange" kawir-kawir disawang wong akeh sing liwat dalan gedhe ing pinggir kali ya ora dadi isin. Bocah umuran semono kuwi pancen ya ra duwe isin. Undang-Undang Pornografi tidak berlaku, ora kanggo! Soale malah marakake ngguyu sing nyawang! (Hehehe... apa ana sing njur dadi greng?! Yen ana ya... ampun, deh!). Aku dhewe pas liwat ing kono, ndilalahe nggawa kamera, mandheg trus jeprat-jepret karo mesam-mesem. Eeeee.... malah banjur pada pasang aksi lan njaluk difoto bola-bali! Karang ya bocah...

Ing Jakarta bisa dus-dusan ing kali pranyata krasa dadi lelakon istimewa banget! [skd]

4 comments:

Pambajeng "Broer" Argaputra said...

Nanggulan pancen duweni sakabehe, Mas. Sawah, kandhang wedhus, lapangan bal-balan, punthuk cilik, pasar tradisional, bakul geblek lan dhawet, wangan (saluran irigasi). Biyen aku yen mangkat ngarit, adus dhisik ing wangan. Golek kang rada jero, trus ambyur! Byurr...! Lha, yen wus tutug, banjur mentas. Ngenteni garing! Yen wus garing, sikil dari kaya labur tembok!

Anonymous said...

wah aku klebu cah asli kutha ora tau dus2an ning kali, nanging yen ngotori kali nalika weteng lara asring

Suster Gila said...

Nderek ngunduh nggih Mas.
Nuwun sewu nderek Nitip kados panjenengan kolowingi
Maturnuwun

ayiek said...

hehehehe... wah jawi tulen iki... sugeng rawuh ing bondo blog kawulo enggal klik www.master-blog-ayiek.blogapot.com ... hehehe.. sampun bener nopo dereng pangguno boso kulu nh8iki hehehhe...

asal asalan nih make basha jawa alusnya... hehehe

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator