Sunday, May 31, 2009

Dhalang Putri Ing Tanah Sabrang

"Coba bukaken indonesianshadowplay.com!" ngendikane Om Esthu, seniorku, dina Kemis kepungkur. "Tamara ndhalang!" imbuhe. Aku dadi cubriya, mosok iya, Tamara artis Indonesia iku ndhalang?! Mulane aku langsung marani situs iku.
Jebule aku kleru, dudu Tamara Bleszynski sing dak kenal, nanging Tamara Fielding, dhalang putri Indo-Belanda sing pidalem ing New York, Amerika Serikat. "Byuuuuh... siji maneh ana pawongan, putri sisan, sing ngabdi marang mekare seni budaya tradisional Jawa ing manca negara!" batinku ing ati. Tambah siji maneh daftarku ngenani priyayi-priyayi sabrang sing nguri-uri seni kabudayane awake dhewe. Mentas wae aku nuduhake anane sindhen-sindhen manca sing kasengsem lan nyinaoni seni sindhen, banjur pentas ing Festival Sinden Internasional 2009. Sing iki, dhalang putri.

Tamara Fielding lahir ing Cimahi, Jawa Barat. Ibune Jawa, bapane Belanda. Sepisanan nonton pagelaran wayang kulit sawengi natas ing perkebunan karet duweke keluargane. Wektu iku isih umur 8 tahun. Sabubare Perang dunia II, umur 12 tahun Tamara kapeksa ngungsi ing negarane kang rama sawise melu ngalami urip ing pakunjaran jaman Jepang udakara telu setengah tahun.

Merga dhemen marang seni teater, lulus SMU Tamara nerusake sekolah ing Paris. Dheweke melu dadi pemain film 'Lust for Life' (dibintangi Kirk Douglas lan Anthony Quinn) lan 'Trapeze' (dibintangi Burt Lancaster). Karire dikembangake maneh, lan Tamara hijrah menyang Amerika Serikat, tekan saiki.

Ya ing negarane Paman Sam iku, udakara 23 tahun kepungkur, Tamara eling menawa duwe warisan seni tradisional sing luhur banget. Kothak sing isi wayang kulit kucel kabukak, isine ditokake. Banjur Tamara dolanan wayang kulit paringane kerabate iku, kanthi sabetan sak elinge rikala nonton ki dhalang biyen nyabetake wayang, lan uga antawecana sak elinge. Rasa tresnane marang seni budaya leluhur dadi tuwuh maneh. Pengalaman iku mratandhani jumejake Tamara ing jagading seni pewayangan, kang sabanjure ditemeni kanthi ngedegake produksi teater multimedia sing diarani 'TAMARA and The Shadow Theatre of Java'.

"Minangka jejering wanita, babar blas aku ora darbe niat kepingin mbuktekake menawa aku bisa nindakake bab sing biasane ditindakake dening priya. Nanging, merga duwe darah Indo, saperangan Landa lan saperangan Indonesia, aku rumangsa ana sing istemewa ing awakku, yaiku aku bisa dadi jembatan antaraning Wetan lan Kulon. Kanggoku iku wigati banget," tuture Tamara marang wartawan VoA.

Merga Tamara, ing Amerika kana wayang bisa mlebu kurikulum ing sekolahan, wiwit sekolah dasar, menengah lan atas. Tamara uga nganakake workshop, ngajari bocah-bocah nyekel wayang lan ajar dadi dhalang. Miturut ibu kang kagungan putra 2 (loro) iku, wayang kulit momot pitutur luhur mungguhing kapribaden, kepemimpinan, etika lan moral. Kejaba ing sekolahan-sekolahan, universitas lan perguruan tinggi, uga ing acara konser lan teater, Tamara kala-kala uga nampilake teater wayange sajroning pelayaran ing kapal pesiar. Anggone ndhalang wus tekan ngendi-endi: Amerika Serikat, Eropa dan Asia.

Tahun 1999 kepungkur, Tamara 'mudik' ing tanah kelahirane, Indonesia, marga diundang ana ing Pekan Wayang Indonesia VII, menehi ceramah lan ndhalang pakeliran padhet kanthi gaya multimedia, suwene 1 jam.

Tamara Fielding... ndandekake seni tradisional Jawa dikenal ana ing jagading wong-wong Barat modern. Lha... awake dhewe kepriye? [skd]

Tulisan kanthi bahasa Indonesia: Tamara Fielding: Menjembatani Barat dan Timur

6 comments:

Nakragil said...

sugeng mas Kandar,
nyuwun pirsa menawi misahaken file lagu mawi jet audio kados pundi kang Mas, awit wonten sederek ingkang pingin belajar rekam ngangge jet audio

Kandar Ag. said...

Misahaken kados pundi, Mas Ragil? Menawi namung ngrekam, mindhah audio saking cassette dados MP3, cekap ngangge tape-deck/walkman, kabel stereo, lan program JetAudio. Nanging yen kepingin ngedit (motong, nyukani special effect, lsp.) kula ngangge program WaveEditor saking Nero.

Kandar Ag. said...

Oh ya... JetAudio v7 saged kangge motong, Mas. "Run Audio Trimmer" ing Tab Recording. Dipun cobi kemawon...

Nakragil said...

sampun kula cobi klik run audio trimmer, lajengipun ...........?

Kandar Ag. said...

Lajeng File>Open. Pilih file MP3 ingkang badhe dipun potong. Ing bagean ngandhap paling kiwa wonten tombol panah minggah, punika kangge nengeri wiwitaning perangan MP3 ingkang samangke badhe kasimpen, dipun klik kemawon. Lajeng, badhe dumugi pundi, jarum panuduh dipun geser nengen dumugi papan ingkang dipun kersaaken. Klik tombol panah minggah ing sisih ngandhap tengen piyambak. Menawi sampun, klik "Save", utawi gambar disket ing bagian nginggil. Sampuuuun... Hehehe...

pemburu dollar said...

matur nuwun sampun ngleluri basa jawi.

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator