Friday, October 02, 2009

Kaos Born Javanese Edisi Pucung

Sawetara wektu kepungkur dak aturaké rancangan kaos Born Javanese Edisi Pucung ing laman polling blog iki. Mau-mauné karepé ya mung arep dak anggo dhéwé. Nanging bareng ana kanca sing uga kepingin nduwèni, mula banjur dak gawé polling kanggo njajagi apa akèh kadang sing uga kepingin kagungan. Pranyata lumayan akèh. Saka 47 responden, 40 kepingin kagungan, lan 7 sing kepingin desain liyané. Tumrap para kadang sing urun swara polling aku matur nuwun banget.

Saka asil polling iku temahan aku banjur ngaturi 2 pilihan werna latar buri tembang Pucung anggitané K.G.P.A.A. Mangkunegara IV iku: werna abang geni karo werna ijo. Murih gampangé, sing latar buri abang geni dak wènèhi kode KBJ-01A, déné sing latar buri ijo KBJ-01B. Karo-karone kanthi warna dhasar ireng (hitam). Dene sing warna dhasar kaos putih kanthi kode KBJ-01A White lan KBJ-01B White.








Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku.
Lekasé lawan kas.
Tegesé kas nyantosani.
Setya budya pangekesé dur angkara.

[Pucung, Wédhatama]
K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV

Katerangan jangkep bab kaos kasebut:
Bahan kaos: Combat 20S.
Warna dasar: Hitam /Putih
Teknik cetak gambar: Sablon (separasi)
Kode:
KJB-01A = background merah; KBJ-01A White = background merah kaos putih
KJB-01B = background hijau; KBJ-01B White = background hijau kaos putih
Catetan: Gambar krah sing katon ing gambar iku mung nuduhaké bates gulu waé, dudu werna sing beda karo warna dasar kaos.
Ukuran default: All Size. Ukuran sing luwih gedhé bisa diusahaaké.
Rega saliyane ongkos kirim: Rp 50.000,-
Ongkos pengiriman (Regular Service TIKI): Rp 10.000,- (Jakarta); untuk luar Jakarta silakan mengecek tarifnya di website TIKI-ONLINE.

Carane pesen:
Tumrap para kadang kang ngersaaké, dak aturi ngirim e-mail pemesanan marang alamat sukandar_ag@yahoo.com kanthi format ing ngisor iki, paling telad tanggal 10 Oktober 2009. UPDATED: TAKSIH DIPUN TENGGA NGANTOS MINGGU SONTEN, 11 OKTOBER 2009. (``,)

Format e-mail:
Subject: Pesan Kaos Born Javanese – Pucung
Nama Pemesan: _____
Kode Kaos yang dipesan: ______
(KJB-01A = background merah; KJB-01B = background hijau)
(KBJ-01A White = background merah kaos putih; KBJ-01B White = background hijau kaos putih)
Ukuran Kaos: All Size (default)
Jumlah: ______
Alamat Pengiriman: ______________


Pembayaran:
Transfer lumantar rekening BCA:
No. Rek: 230-157-295-8
A.N.: AGUSTINUS SUKANDAR

Prayogane, transfer dana katindakake sadurunge tanggal 10 Oktober 2009 utawa bareng karo bates wektu pemesanan. Dak suwun, sawusé transfer dana marang rekening kasebut Panjenengan énggal maringi kabar konfirmasi kang isine:
- Nama Pemesan
- Nama Pemilik Rekening

- Nama Bank & No. Rekening
- Jumlah transfer & tanggal tanggal transfer
lumantar e-mail utawa SMS ing HP: 081806738987. Panjenengan bakal nampa e-mail / SMS balesan menawa transferan wus ditampa apa durung.

Pengiriman:
Kaos bakal kakirimake menawa dana wus ditransfer. Merga anggoné produksi butuh wektu kurang luwih 3 dina, kaos kang dipesen bakal dikirimake lumantar jasa pengiriman barang TIKI paling telad wiwit tanggal 14 Oktober 2009.

Katerangan liyane:
Yen ana pamundhutan priksa dak aturi nyerat komentar ing sangisore postingan iki. Bisa uga nyerat email marang alamat sukandar_ag@yahoo.com utawa kontak HP: 081806738987 (XL). Matur nuwun saderengipun. [skd]
UPDATE (18 Oktober 2009)
Amargi wonten kesalahpahaman design kalihan pihak penyablon, nyadhong deduka ingkang kathah dhateng para kadang ingkang sampun pesen kaos, bilih kaos ingkang sampun dipun pesen kepeksa nembé saged dipun kintunaken kirang langkung tanggal 20 Oktober 2009. Sepisan malih nyuwun agenging pangaksami. Matur nuwun.

UPDATE (06 November 2009)
Design kaos ingkang kapacak ing inggil punika (KBJ-01A lan KBJ-01B kanthi dhasar kaos cemeng) ing wekdal punika dipun batalaken. Minangka gantosipun sampun dipun damelaken design rombakan ingkang saged dipun priksani ing mriki. Matur nuwun.

8 comments:

Pengetahuan Teknik Otomotif said...
This comment has been removed by the author.
Anonymous said...

Dukungan penuh mas...aku melu tuku 2 ya... tak sowan ndalem njenengan sah kirim...lagian transfer ribet....Mugi Kondang kaya DAGADU Yogya...SUKSES Mas Kandar

Kandar Ag. said...

Amiiiiin.... Mas Pri, matur nuwun semangate marahi ati makantar-kantar!

INSPIRASI said...

mas piye isih ora iki...wis suwe ora update internet...info dadi telat..he..he..

Unknown said...

ass.wr.wb.

mas aku mau pesan kaos caranya gmana
mksih

wass.wr.wb.

rohim

Dewadaru_24 said...

pakdhe kaose ingkang cemeng ready stok nopo mboten.menawi taksih njenengan kbari teng dewadaru_24@yahoo.com.ditenggo ngiih suwun sakderengipun

Unknown said...

Pakpuh Nderek langkung.....menawi kulo badhe pesen kaos punopo taksih saged? nyuwun pawartosipun....pawartos saged dipun kirim wonten email : terra_corp@yahoo.co.id matur suwun.

Anonymous said...

kaosipun ndamel melih dereng om,
dalem njih purun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator