Thursday, April 30, 2009

"Yen wani nganggo tangan kosong!"



Wingi awan, wektune bubaran Sekolah Dasar, ana bocah lanang metu saka regol. Cahyane mbesengut, abang ireng gudras kringet. Tangane tengen nggenggem watu saprongkol. Mripate mandeng bocah lanang liya sing wis ndhisiki metu ing ngarepe. Ing burine, ana bapak-bapak ngetutake kanthi magita-gita.

"Buangen watune! Yen wani nganggo tangan kosong, aja nganggo watu!" saruwene marang bocah sragam abang-putih iku. Si bocah ora merduli, nanging ngalonake lakune, temahan mandheg ing sabrang dalan. Ora let suwe bapak kuwi mau kasil ngrebut watu saka tangane si bocah. Swasana dadi luwih lerem. Bocah-bocah iku mau ora sida gelut.

Lelakon iku sineksen ibu-ibu lan bapak-bapak liya sing padha methuk anak-anake, bakul-bakul kue, wong-wong sing pating sliwer, lan bapak satpam sing ngadeg ana regol sekolahan.

“Karang ya bocah…” pikire wong-wong mau.

Tumrap aku, malah dudu bocah-bocah kuwi mau sing dadi prekara. Nanging malah tetembungane bapak mau. Atiku ora jenjem marang ukara kapindho sing keprungu cetha wela-wela ing kupingku lan mesthine uga talingane wong-wong ing kono, "Yen wani nganggo tangan kosong, aja nganggo watu!" Mbuh apa sing dikarepake si bapak. Kanggoku iku ora pati cetha maksude, ambigu.

Sing mesthi, dheweke lan wong-wong tuwa ing kono ora nayogyani anane bocah-bocah padha kerengan. Strategi si bapak kanggo menggak bocah cilik iku mbalangake watune marang 'mungsuhe' kanthi ethok-ethoke njurung anggone arep gelut sajake sukses. Istilah menterenge, si bapak nganggo metode reverse phsychology. Basa Jawane 'nglulu'. Persis rikala ana bocah dipenging ibune, "Ayo enggal mudhun saka meja kuwi, ndakne tiba!" Gedhe kemungkinane bocahe ora bakal mudhun. Nanging yen ibune ngendika, "Hayooo... sing luwih dhuwur maneh! Yen prelu dak jupukake kursi maneh apa kepiye?" Gedhe condhonge bocahe bakal malah age-age mudhun saka meja.

Cara si bapak iku mau mbok menawa luwih canggih. Dheweke nantang 'kekendelane' si bocah supaya nduweni sikap sinatriya. Wong satriya iku ngendelake kekuwatane dhewe kanthi sithik utawa malah babar blas ora nganggo srana alat pambiyantu. Yen bocah iku kepingin dadi bocah sinatriya, dheweke ora bakal nganggo watu minangka gaman murih menang anggone biyada.

Aaaah..... sajake 'martabate' si bocah luwih kadumuk dening tembung "yen wani" kuwi mau. Mbuh dheweke sejatine ora wani, apa malah pikirane ngembangake pangerten bab kautaman 'sinatriya' ing njeroning sanubari, aku ora mangerti. Katone sih, kanthi 'larangan' kaya ngono iku mau dheweke rumangsa didewasaake, ora dianggep padha karo bocah sing didhawuhi mudhun saka meja karo ibune iku mau. Sing nemtokake pilihan dudu wong liya, nanging dheweke dhewe.

Dheweke asyik karo karakter anyar sing didhepake: karakter bocah sinatriya. Muga-muga wae... [skd]

Gendhing-gendhing Palaran Kebak Ing Pitutur

Gendhing-gendhing palaran pancen nuwuhake greget ing ati. Mula cocok yen dirungokake samangsane awak iki butuh panyengkuyung. Gendhing palaran bisa mbiyantu mbalekake semangating urip. Luwih-luwih yen pada-pada sing ditembangake wis dikenal utawa diapali. Ukara-ukarane bisa mletikake inspirasi kawicaksanan, pamrayoga mungguhing sikap sing dibutuhake kanggo ngadhepi ruwet-rentengin bebrayatan.
Ing ngisor iki dak aturake link-link kanggo ngundhuh gendhing-gendhing Palaran, minangka tambahing koleksi. Ana telu, yaiku saka Paguyuban Karawitan Condhong Raos kagungane Ki Nartosabdo. [skd]

01 - Ada-ada Sl.6 - Srepeg - Palaran Gambuh Sl.6 - Srepeg - Palaran Durma - Srepeg - Palaran Asmarandana - Srepeg - Ayak-ayak.mp3
02 - Pathet Jugag Sl.9 - Bawa St. Citramengeng Sl.9 - Palaran Pangkur Sl.9 - Palaran Asmarandana - Palaran Durma.mp3
03 - Ada-ada - Ldr. Eling-eling P.Br. - Palaran Durma - Palaran Megatruh Pl.Br. - Palaran Asmarandana Pl.Br. - Palaran Pocung Pl.Br.mp3

Sunday, April 19, 2009

Buku Tamu - URL (Link)

Tumrap panjenengan sing kagungan blog utawa situs ing internet, lan ngersaake ijolan link, mangga kaaturan nyerat dhewe alamate (URL) ing ngisor iki. Matur nuwun...


Advertising free mortgage calculator