Tuesday, June 17, 2008

Laler wilis - laler ijo


Fly, originally uploaded by BornJavanese.

Mumpung lagi kumat anggonku seneng photography, ora ana alane aku mosting salah sawijining gambar sing wis dak upload ana ing flickr.com. Gambar laler ijo!

Hehehe... lha mbuh, kok ya saben-saben hunting obyek sing arep dak foto mesthi ati iki katarik marang kewan siji iku: laler! Kewan sing umumme njenesi, ngrubung panggonan-panggonan suker, bathang, utawa buwangan. Tempat sampah mesthi akeh laler. Nanging sing kajepret ing ndhuwur iku laler sing lagi menclok ing manggar wit jambe. Mbuh lagi ngapa si laler iku. Mbokmenawa lagi ngalamun...

Bangsane laler, apa maneh laler wilis, kadakwa dadi kewan sing nyebar memala. Mula yen bisa kewan iku disingkiri, digusah utawa kabrastha kareben ora mbilaheni.

Gusti Mahasae kok ya nitahake kewan-kewan kaya ngono ta ya... Nanging yen kewan iku kacipta, mesthine Gusti kagungan kersa tumrap dheweke! Kabeh titah kang cinipta, mesthi kacipta apik wiwit mula-bukane. Mung wae awake dhewe ora gampang nyandhak, apa kersane Gusti lumantar kewan-kewan iku!

Jujur, aku seneng nyawang laler yen wis dadi foto kaya ndhuwur iku. Donya iki dadi katon maneka warna. Kewan sing biasane njijiki katon endah sinawang. Ora ana liya kajaba tuwuh puji syukur marang Gusti dene aku kepareng nyipati salah sijining "kasunyatan" iku. Luwih-luwih kasunyatan menawa aku cinipta dadi manungsa, sing jarene luwih luhur tinimbang kabeh kewan, klebu laler.

Dadi pitakonan, yen ngono apa sing gawe awakku - manungsa - iki katon endah? Dak kira jawabane butuh panglimbang sing jero. Sing cetha, manungsa mesthi luwih endah tinimbang laler! [skd]

Wallpaper laler: ing kene.

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator