Wednesday, June 11, 2008

Ukuran

Satuan ukuran dawa iku meter, yen jembar iku meter persegi, dene isi iku meter kubik. Awake dhewe uga wus ngerti yen satuan ukuran bobot iku gram, lan sapiturute. Kabeh sing awujud barang wadhag wus nduweni alat kanggo mangerteni ajine miturut wujud lan dimensi-ne. Mbok menawa ora pati angel mangerteni ajining barang miturut ukuran jumlah (kuantitatif). Dhasare ya wis ana mupakat internasional mungguhing bab-bab sing kaya mangkono, kari ngecakake.

Nanging dadi rada angel rikala awake dhewe kudu mbiji ajining samubarang sing dudu wadhag, ateges ora bisa diwaca ngono wae miturut ukuran kuantitatif. Umpamane ngukur ayune kenya utawa baguse pria. Mbokmenawa isih gampang yen sing dikarepake ayu utawa bagus iku tumuju marang rupa utawa paesan sing kasandhang. Lha yen ayu utawa bagus iku luwih katujokake ing solah bawane apa maneh marang atine, kepriye anggone ngukur? Urusane dadi saya njlimet rikala sing diadhepi iku prakara-prakara kapribaden, moral-etika (becik-ala, bener-kleru), lan agama utawa religiositas.

Iku kabeh luwih krasa bab kulatitas.


Mula ana proses sing diarani kuantifikasi lan kualifikasi supaya kabeh bisa kaukur supaya awake dhewe duwe dhasar sing gumathok anggone gawe peputusan lan tumindak ngenani bab-bab sing kaya mangkono.

Sejatine kuantitas lan kualitas iku ora bisa kapisahake sacara riil (distingsi real) awit sakarone iku mung carane pikiran anggone nyawang lan milah-milah (distingsi logis) supaya bisa dimangerteni kanthi luwih gampang. Awake dhewe (lan samubarang titah) iki sajatine titah sing “nduweni” kualitas-kuantitatif sisan kuantitas-kualitatif. Nanging awake dhewe iki sajake wis kebanjur kulina nganggo cara A (kuantitatif) utawa cara B (kualitatif), kamangka kudune nganggo cara AB (kuantitatif-kualitatif). Tembunge liya, awake dhewe kudu migunaake wawasan sing wholistic, komprehensif, wutuh.

Mula ana unen-unen wong Jawa, “Ngono ya ngono ning mbok ya aja ngono!”

Iku ora gampang, nanging bisa dilatih!

Para sutresna…
Wis meh rong minggu iki berita lan ulasan ing televisi lan koran mbahas kasus ontran-ontran ing Monas dina Minggu, 1 Juni 2008 kapungkur. Ana pirang-pirang pihak sing “berperkara”, antarane sing paling seru yakuwi FPI lan AKKBB. Underaning prekara mrembet mrana-mrana. SKB Tiga Menteri ngenani kasus kelompok Ahmadiyah dadi muarane. Dene tindak kekerasan lan panganiaya sing diparagaake dening oknum FPI kaya-kaya mung dadi tumpakan supaya prakara iku luwih cetha genahe. FPI duwe “pembenaran” dhewe mungguhing tindak kekerasan kasebut. Semono uga AKKBB (lan mligine Ahmadiyah) uga duwe dhasar kanggo tetep nerusake carane ngayati agamane.

Tumrap aku – aku pawongan ing sajabane kelompok-kelompok iku – sing dadi kaprihatinan utamaku yaiku: kepriye bisane awake dhewe iki nggayuh kautaman sing bisa tinampa dening kabeh wae, ora mawas kelompok suku, agama, ras lan aliran. Apamaneh dening sedulur sing isih “sak rombongan”!

Sepisan maneh, sajake iki ora gampang. Nanging aku yakin bisa kelakone. Dhasare mung siji: awake dhewe iki manungsa, titah multidimensional sing jarene paling pinunjul dhewe. Mula martabat kamanungsan wis samesthine dadi ukuran sing kudu digayuh matenge. Aku kangelan anggone “dhong”, “mudheng”, utawa “ngeh” yen ana pranatan sing nyingkur marang kautamaning manungsa, luwih-luwih yen iku pranatan agama. Pikiranku, atiku, munggahe imanku marang Gusti Mahaasih ora bakal nyandhak yen ana sing kaya mangkono iku. [skd]

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator