Monday, July 14, 2008

"Wis tau" nang PRJ!


Siteran, originally uploaded by BornJavanese.

Sabtu malem Minggu wingi, 12 Juli 2008, aku lan nyonyahku dolan nang PRJ (Pekan Raya Jakarta). Merga dina Sabtu, tiket mlebune @ Rp 20.000,-. Ewa semono byuuuuh... ramene! Aku Mbayangake, umpama sing dolan mrana ing dina iku wong 100.000, ateges income seka tiket masuk ana 2 milyar rupiah! Durung ditambah seka tiket parkir lan liya-liyane. Racake sing padha dolan mrana minimal wong loro, akeh uga sing sakulawarga. Ing sajerone area PRJ umume padha nenteng barang blanjan, arepa mung isi snack jajanan bocah sing dikemas apik. Cekake, wong-wong padha cucul dhuwit. Aku karo nyonyahku dhewe luwih yen mung cucul 100 ewu rupiah! Bisa dibayangake gedhene perputaran dhuwit ing PRJ sadina bae!

Ing jero PRJ warna-warna sing bisa disawang. Aku nganti bingung arep nonton apa. Mripatku kesel nyawang wong semono akehe. Sikil iki mung njangkah salaku-lakune, mlebu stand kana stand kene. Saka rumangsaku sing paling akeh iku stand otomotif.

Meh saben stand ing arena iku ana grup band sing lagi beraksi. Suwarane dadi ra karuan mbrebegi. Ewa semono ing antarane swara-swara pating gedhumbreng lan ombyokan wong padha pating sliwer, isih ana swara sing bisa narik kawigatenku. Swara iku dak parani, jebul musik live saka priyayi telu sing lagi padha "Siteran". Mapane ana ing stand pameran produk saka provinsi DIY.

Hmmm... untung aku nggawa kamera, dadi isa dak jepret. Lumayaaan... Katone sing marahi aku kalipur bengi iku ya mung Siteran iku! Liyane... ya mung nyawang wong padha nyawang! Hehehe... Lha ora duwe dhuwit akeh dinggo blanja! Tur maneh ya ora duwe rencana tuku-tuku. Aku karo nyonyahku mung dhapur kepingin ngerti swasanane PRJ thok, wong durung tau!

Krasa ngelih, aku wong loro leren tuku "kerak telor" makanan khas Betawi. Regane saceplokan 15.000 rupiah! Yen diitung-itung seka bahane, biayane mung saprotelone. Ning ya ben.... sing penting wis tau ngrasaake kerak telor ing PRJ.

Yen dipikir-pikir... bab sing larang ing donya iki mung rong tembung: "wis tau"! Bengi iku aku cucul dhuwit 105.500 rupiah, dadi rong tembung iku wis tau rega semono! Hehehe... [skd]

2 comments:

Mbah Suro said...

Salam kenal Mas Kandar, saya kesengsem lan kepincut lihat blog panjenengan. Sukses Mas...

Cyberlife said...

namung ngeklik iklan panjenengan, mugi2 panjenengan ugi kerso ngeklik iklan ingkang wonten blog kawula.Nuwun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator