"Aku lagi ngasah 'lading' sing wis suwe kethul,
amrih bisa micara ing weninge tembung-tembung."
Ngono iku tulisanku ing laman profile Facebook-ku yen dibasaake Jawa. Iku tulisan kapindho sing dak pasang ing kana. Sing sepisanan unine, "Hidup ini terlalu singkat untuk mengikuti keputusan yang salah!"
Catetan singkat ngenani apa sing lagi dirasaake kaya ngono iku biasane katon ing bagean ndhuwur kotak chatting ing sandhinge gambar profil si partner. Sawetara catetan sing kober dak waca apik-apik unine. Kala-kala awujud motto urip utawa pethikan tembung-tembung mutiara sing endah. Mesthi wae tulisanku iku uga katon ing kana. Sabanjure, disekarep arep dimaknani apa...
Sejatine aku ora pati preduli marang udharan rasa kaya iku. Nanging marga meh kabeh kanca lan tepungan ing jejaring Facebook padha gawa, suwe-suwe aku ya njur melu-melu. Idhep-idhep kanggo ngukaraake kahanan ati utawa pikiran sing lagi tumanduk ing pribadiku. Samubarang sing diukaraake, ditulis, luwih-luwih diucapake mesthine bakal luwih handayani nuwuhake sikap sing digegadhang, tinimbang ora babar blas. Paling ora, ana bab sing menep lan ora amblas tanpa tilas.
Fitur Facebook iku jan-jane prasaja banget. Nanging wong-wong ora pati nggatekake paedah lan manfaate kanthi saapik-apike. Apamaneh tumrape wong Indonesia sing ora kulina nyritaake apa sing lagi dipikirake, dirasaake utawa diidham-idhamake marang wong liya. Ujaring kandha, fitur kaya iku nerusake tradisi sing wis lumrah mungguhing bangsa Amerika. Wiwit pendidikan dasar bocah-bocah ing kana wis dikenalake marang consideratio status (awareness, nyadhari kahane awake dhewe, mawas dhiri) kanggo biyantu perkembangan karakter si bocah. Tradisi sharing utawa bagi-bagi crita (story telling) ngenani pengalaman pribadi dadi cara kanggo ndhidhik bocah supaya ndlajahi ruang kapribadene, kejaba olah kapinteran ilmu-ilmu sains.
Ing Indonesia? Bocah-bocahe dhewe wis kadhung kulina kapleter materi-materi apalan ing sekolahan. Ngelmune mung mandheg ing nggundhul, ora kulina menepake pengalaman urip ing atine. Ora maidu yen padha isinan rikala diwehi wektu omong ing ngarepe wong akeh ngenani gagasan pribadine. Angel bisa nemokake panemu sing asli otentik saka bocah-bocahe dhewe. Karakter pribadi sing kudune bisa katon sumunar, kasamun dening ribeting tugas sekolahan sing sok marahi emosi utawa stress. Pelajaran mengarang sing sejatine menehi ruang bebas kanggo kreativitas lan imaginasi tetep ora kalah medeni tinimbang pelajaran IPA, Matematika, utawabahasa Inggris.
Dadi..., kenangapa ora migunaake fitur ing BukuRai (Facebook) iku minangka alat pitulungan kanggo ngolah kapribadene dhewe?
Sing lagi wae dak tulis ing profilku unine,
"Aku terkenang akan sebulir biji padi yang harus 'mati' terlebih dahulu untuk tumbuh menjadi tanaman baru. SELAMAT PASKAH 2009!" [skd]
1 comment:
Salam blogger..
Blognya keren kawan..
Tulisannya bagus-bagus.
Makin sering main kesini deh kayaknya..
Tukeran link dong.. Tengkyu..
Torayasalatiga.blogspot.com
Post a Comment