Sunday, March 07, 2010

Gusti Ora Sare - Jilid 2


Gambar kapal (jaran) sing kasunaran mring hyang bagaskara iku sidané unggul ing jurit! Tumapak amanggut-manggut, nguwuhaké swara sora bungahing nala, awewarta wisiking Hyang Widhi kang wus kagelar ing kasunyatan, "I always have a better plan for your lives than you do." [skd] (``,)

Mangkono aku nulis ing laman profile facebook tanggal 4 Februari 2010 kepungkur. Rikala iku atiku lagi bungah sawusé udakara 2 dina ora bisa turu lan mung mrebes mili merga kena PHK sing tanpa sraba-sraba pawarta dhisik. Sesasi nyambut gawé ora dipétung, temahan ora oleh gaji! “Wis gajian durung, Pa?” mengkono sms-é mbokne Gabrièl pirang-pirang menit sawusé aku ngerti yèn ora nampa gaji. Balungku kaya dilolosi, rasané kaya ilang daya kekuwatanku, njaba-njero.

Tekan ngomah, tinimbang mung ngalamun sing mesthi nambahi ati nggrantes, aku njur nggambar desain sing wektu iku dak leboni. Ndilalah, témané kontès lagi trep marang lelakonku soré iku. Mulané anggonku nggambar all-out saapik-apiké, sewengi natas: Gambar kenya sing lagi numpak jaran, mbregènggèng, pasuryané tumenga mring cahyaning pepadhang sing nyunari lakuné. Si jaran tumapak amanggut-manggut, mlaku alon-alon, satiti murih ora kesandhung. Ing sangisoré gambar kenya dalah jarané iku dak pasangi tulisan sing tegesé: Gusti tansah kagungan rerancangan sing luwih apik tinimbang rerancangané awaké dhéwé mungguhing urip iki!

Mbokmenawa merga kinanthèn laku prihatin sing jero, karo pasrah marang pangreksa Dalem Gusti, desain gambar iku menang ing kontès. Kontèsé kepara malah dirampungi sadurungé wektu sing kagelar entèk! Atiku njerit bungah, trenyuh marang kasunyatan sing diparingaké Gusti marang aku. Bisaku mung muji syukur marang Panjenengané, “Matur sembah nuwun, Gusti!”

Sajroning sesasi, sinambi golèk pènclokan anyar, aku mung nggambar-nggambar desain kanggo melu kontès ing 99designs.com. Hehehe…. Lumayan, wiwit wulan Januari 2010 kepungkur wis menang kaping telu, lan ngolèhaké US $795 sing bisa kanggo tambah-tambah nukokaké susu si Gabrièl karo blanjan ibuné. Gambar jaran iku mau wis nulungi $295 sajroning karibetanku, hehehehe…

Senin, 8 Maret 2010 sésuk aku mlebu ing papan panggawéan anyar pangreksané Gusti Kang Mahatresna…. Pinujia Gusti ing salaminya! Amin. [skd]

11 comments:

Anonymous said...

Sugeng makaryo Kang Kandar...kulo remen sanget gadhah sederek/rencang ingkang saged nggambar kanthi sae malah juara nggih...? Salam kangge Gabriel kalian Istri ingkang wonten ndalem. Berkah dalem

Kandar Ag. said...

Weeee.... Kakang Slamet mampir mrene! Matur nuwun, Kaka Prabu... saiki lenggah nang endi je, isih nang Tangerang?

Anonymous said...

ndar... esih kelingan nyong mbok? gepeng ndar... anake sapa kuwe sing di gendong? lha kok....wkwkwkwk

Kandar Ag. said...

Hehehe... Peeeeng... kowe saiki penyiar radio apa kepriben? Bagus kan, anakku? (``,) Wis duwe durung, Peng?

Jrink Hetfield said...

welha sukur begja 1000, lha aku q isane mrana-mrene yo gur ndherek bingah... "madjoe teroes pantang menjerah, rawe-rawe rantas malang-malang poetoeng". rak nggih ngaten toh mas, he2..

Kandar Ag. said...

Kasinggihan, Sinuwun Jrink! (``,)

VALEN PROGO said...

Berkah Ndalem
mas maca tulasane kaya wonten semangat malih ukara-ukara kang mas tulis wonten blog niki ndamel kula tangi saking impen-impen
( berterima kasih kepada Tuhan apapun yang Tuhan berikan kepada kita sekecil apapun Tuhan memberi itulah rejeki kita ) sepertinya saya kurang mensyukuri apa yang Tuhan kasih. Matur nuwun .

Kandar Ag. said...

Syukur menawi makaten, Mas Valen. (``,) Hehe...pranyata raos syukur punika saged "nyetrum", nggih?

Berkah Dalem ugi, Mas.

maztrie said...

Kang Kandarrr.....
duh aku kok ya dadi trenyuh tenan ta ikiii......

Nuwun sewu wus suwe ra dolan rene dadi ra mengikuti kabar sampean je, ngapurane ya Kanggg..... saiki njuk wus mergawe nangendi maneh Kangg...?

DUNIA KITA said...

kulonuwun... kados pundi pawartosipun kang kandar, dangu mboten teng mriki...

Latief SH, pengacaraperceraian.com, 0878 787 222 82 (xl), BBM: 2BEF81EF said...

aku ora iso bhs jowo, ra opopo tho?

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator