Wanci ngancik tengah wengi sadurunge tanggal 1 Maret 2016 lingsir, aku kok banjur dielingake marang blog sing wis suwe jan kapiran tenan iki. Eeee... idhep-idhep ibarate ungak-ungak omah sing wis suwe ditinggal lunga tanpa taliwara, wengi iki tak nulis ora ketang sak jleretan.
Postingan kari dhewe setahun kepungkur. Iku wae merga ana sing titip dhawuh nempelake video yasane sing paring dhawuh, Om Esthu, hehehe... Jan-jane akeh sing isih ngantu-antu postingan rekaman MP3 wayang Ki Hadi Sugito. Lha ning paling-paling koleksi sing tak duweni ya wis padha kagungan, kepara malah luwih komplit tinimbang gablegku! Ning jan-jane ya merga wis ora duwe koleksi pita kaset saliyane sing wis tak konversi dadi MP3. Kabeh wis tak aturake. Arep luru kaset maneh ana kendhala, kejaba ragat ya uga kesempatan sing cupet kanggo mrana-mrene.
Dadi, njur apa ya sing isa diaturake maneh ing laman iki? Wis pokoke idhep-idhep angon ati karo pamikir supaya ora mung bumpet dadi kukul lan penyakit, ya wis aku tak gliyak-gliyak maneh nulis sawernaning ubet liwering urip ing bebrayatan agung iki.
"Sawah kulon omah, ngarepake mangsa panen." |
2 comments:
Seratan ingkang cekak prasaja nanging mawa teges ingkang inggil...mangga pun lajengaken.....
Hehehe.... Matur nuwun, Mas Saimun! (``,)
Post a Comment