Monday, June 22, 2009

Baladewa Tlaga - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

Baladewa - JavaWayang.comIng ngisor iki dak aturake link-link kanggo ngundhuh MP3 wayang kulit Ki Hadi Sugito, kanthi lakon 'Baladewa Tlaga'. Lakon-lakon liyane nunggu giliran.... Ingkang kagungan lampahan sanesipun, mangga maradinaken dhatang para sadherek sutresna kabudayan Jawi. [skd]







All tracks = 140 MB
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hrs


01 - Baladewa Tlaga - 01A.mp3
02 - Baladewa Tlaga - 01B.mp3
03 - Baladewa Tlaga - 02A.mp3
04 - Baladewa Tlaga - 02B.mp3
05 - Baladewa Tlaga - 03A.mp3
06 - Baladewa Tlaga - 03B.mp3
07 - Baladewa Tlaga - 04A.mp3
08 - Baladewa Tlaga - 04B.mp3
09 - Baladewa Tlaga - 05A.mp3
10 - Baladewa Tlaga - 05B.mp3
11 - Baladewa Tlaga - 06A.mp3
12 - Baladewa Tlaga - 06B.mp3
13 - Baladewa Tlaga - 07A.mp3
14 - Baladewa Tlaga - 07B.mp3
15 - Baladewa Tlaga - 08A.mp3
16 - Baladewa Tlaga - 08B.mp3

Tuesday, June 16, 2009

Kresna Kembar (Sasrawindu) - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito

Sawetara nunggu lakon wayang liyane liwat BornJavanese kene, iki dak aturake link saka blog kagungane Ki Wisnu Hadi Sugito, putrane swargi Ki Hadi Sugito. Panjenengan bisa mriksani dhewe ing kana, utawa ngeklik saka link-link ing ngisor iki, wong mung ko-pas... hehehe... [skd]

Artist : (Alm) Ki Hadi Sugito
Title : Kresna Kembar
Type : Winamp media file
Duration : 8 hours
Bit Rate : 41,1 kbps
All tracks : 135 Mb



01_Kresna_Kembar.mp3
02_Kresna_Kembar.mp3
03_Kresna_Kembar.mp3
04_Kresna_Kembar.mp3
05_Kresna_Kembar.mp3
06_Kresna_Kembar.mp3
07_Kresna_Kembar.mp3
08_Kresna_Kembar.mp3
09_Kresna_Kembar.mp3
10_Kresna_Kembar.mp3
11_Kresna_Kembar.mp3
12_Kresna_Kembar.mp3
13_Kresna_Kembar.mp3
14_Kresna_Kembar.mp3
15_Kresna_Kembar.mp3
16_Kresna_Kembar.mp3

Sunday, May 31, 2009

Dhalang Putri Ing Tanah Sabrang

"Coba bukaken indonesianshadowplay.com!" ngendikane Om Esthu, seniorku, dina Kemis kepungkur. "Tamara ndhalang!" imbuhe. Aku dadi cubriya, mosok iya, Tamara artis Indonesia iku ndhalang?! Mulane aku langsung marani situs iku.
Jebule aku kleru, dudu Tamara Bleszynski sing dak kenal, nanging Tamara Fielding, dhalang putri Indo-Belanda sing pidalem ing New York, Amerika Serikat. "Byuuuuh... siji maneh ana pawongan, putri sisan, sing ngabdi marang mekare seni budaya tradisional Jawa ing manca negara!" batinku ing ati. Tambah siji maneh daftarku ngenani priyayi-priyayi sabrang sing nguri-uri seni kabudayane awake dhewe. Mentas wae aku nuduhake anane sindhen-sindhen manca sing kasengsem lan nyinaoni seni sindhen, banjur pentas ing Festival Sinden Internasional 2009. Sing iki, dhalang putri.

Tamara Fielding lahir ing Cimahi, Jawa Barat. Ibune Jawa, bapane Belanda. Sepisanan nonton pagelaran wayang kulit sawengi natas ing perkebunan karet duweke keluargane. Wektu iku isih umur 8 tahun. Sabubare Perang dunia II, umur 12 tahun Tamara kapeksa ngungsi ing negarane kang rama sawise melu ngalami urip ing pakunjaran jaman Jepang udakara telu setengah tahun.

Merga dhemen marang seni teater, lulus SMU Tamara nerusake sekolah ing Paris. Dheweke melu dadi pemain film 'Lust for Life' (dibintangi Kirk Douglas lan Anthony Quinn) lan 'Trapeze' (dibintangi Burt Lancaster). Karire dikembangake maneh, lan Tamara hijrah menyang Amerika Serikat, tekan saiki.

Ya ing negarane Paman Sam iku, udakara 23 tahun kepungkur, Tamara eling menawa duwe warisan seni tradisional sing luhur banget. Kothak sing isi wayang kulit kucel kabukak, isine ditokake. Banjur Tamara dolanan wayang kulit paringane kerabate iku, kanthi sabetan sak elinge rikala nonton ki dhalang biyen nyabetake wayang, lan uga antawecana sak elinge. Rasa tresnane marang seni budaya leluhur dadi tuwuh maneh. Pengalaman iku mratandhani jumejake Tamara ing jagading seni pewayangan, kang sabanjure ditemeni kanthi ngedegake produksi teater multimedia sing diarani 'TAMARA and The Shadow Theatre of Java'.

"Minangka jejering wanita, babar blas aku ora darbe niat kepingin mbuktekake menawa aku bisa nindakake bab sing biasane ditindakake dening priya. Nanging, merga duwe darah Indo, saperangan Landa lan saperangan Indonesia, aku rumangsa ana sing istemewa ing awakku, yaiku aku bisa dadi jembatan antaraning Wetan lan Kulon. Kanggoku iku wigati banget," tuture Tamara marang wartawan VoA.

Merga Tamara, ing Amerika kana wayang bisa mlebu kurikulum ing sekolahan, wiwit sekolah dasar, menengah lan atas. Tamara uga nganakake workshop, ngajari bocah-bocah nyekel wayang lan ajar dadi dhalang. Miturut ibu kang kagungan putra 2 (loro) iku, wayang kulit momot pitutur luhur mungguhing kapribaden, kepemimpinan, etika lan moral. Kejaba ing sekolahan-sekolahan, universitas lan perguruan tinggi, uga ing acara konser lan teater, Tamara kala-kala uga nampilake teater wayange sajroning pelayaran ing kapal pesiar. Anggone ndhalang wus tekan ngendi-endi: Amerika Serikat, Eropa dan Asia.

Tahun 1999 kepungkur, Tamara 'mudik' ing tanah kelahirane, Indonesia, marga diundang ana ing Pekan Wayang Indonesia VII, menehi ceramah lan ndhalang pakeliran padhet kanthi gaya multimedia, suwene 1 jam.

Tamara Fielding... ndandekake seni tradisional Jawa dikenal ana ing jagading wong-wong Barat modern. Lha... awake dhewe kepriye? [skd]

Tulisan kanthi bahasa Indonesia: Tamara Fielding: Menjembatani Barat dan Timur


Advertising free mortgage calculator