Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Mak bedunduk ana ing ati aku kelingan marang pupuh tembang kang karipta dening R. Ng. Yasadipura, Pujangga kawentar saka kraton Sala. Esuk mau aku banjur muter VCD, rekamane kelompok campursari Sangga Buana. Judhule tembang "Lg. Dadi Ati" nganggo dibawani pupuh tembang iku mau. Mak nyessss rasane, mak prinding githokku, sasat kaya kumleyang ragaku marga ngrasa-ngrasaake surasane.
Rikala dak goleki ana ing internet, jebul pupuh iku wus akeh sing ngutip. Melu-melu! Hehehe...soale aku lagi nyawisake ati, tata-tata arep dadi manten!
Pupuh ndhuwur iku klebu tembang Macapat Asmarandana.Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Biasane pupuh iku sok ditembangake kanggo bawa sekar ana ing pawiwahan utawa mantenan (hehe...silak pengen dadi manten aku!). Pas banget minangka piwulang kanggo sapa wae sing arep mbangun brayat. Sanadyan gathuking ati pasangan temanten iku kudune wis suwe kelakon, nanging tembang iki bisa dadi pepeling, ngelingake yen katresnan jati iku dununge ana ing ati. Arepa bar kuwi, bar dadi manten, urusane luwih pepak. Jangkeping ati ya mesthine cak-cakaning katresnan iku ing urip sabanjure. Lha, iki sing marahi ati mau mak dheg! Antebing karep katantang, wani apa ora? gelem apa ora? Gelem ora gelem, pancene kudu ngono!
Saben wong dak kira sarujuk menawa "ati" kuwi pancen gegaraning urip. Awit, ati (heart) iku salah sawijining pandoming laku angga priyangga. Yen oleh kasebut papan, ati iku papaning janma bisa cecaketan karo Gusti Allah kang yasa uripe kabeh kang tumitah. Semono uga, ati uga asring dadi dhasar anggone mbangun paseduluran, nyawang lan naliti pengalamaning urip kanthi luwih jero. Saka ing kono bisa mijil sikap lan prabawa sing asli. Sipating wong biasane tumuju marang atine. Mula, ati sok angel diselaki.
Klebu bab jejodhoan. Yen ati wus muni, bandha lan rupa ora dianggep! (Kejaba yen pancen tlonjonging ati mung tumuju marang rong prekara iku! Ana ya, wong kang nggadhekake ati marang prakara-prakara iki!) Yen ati wus jodho, apa wae bakal kajangkah.
Aku kadhang sok ngungun dhewe, sejatine "tlonjonging atiku", "antebing atiku" iki tumuju marang ngendi? Rasane kaya ora ana sing didadekake garan yen atiku isih miyar-miyur ngadhepi urip sing bakal kelakon. Rikala wus ana sing diantebi, rasane urip iki dadi nggenah, lakune dadi krasa entheng, dalane kaya kasunaran pepadhang. Sanadyan ta kanthi ana sing diantebi, iku mratandhani ananing cecawis sawektu-wektu ngadhepi resiko. Pancene kudu mangkono!
Kepriye yen atiku kleru?! Pancen aku kudu tansah sadhar, atiku ora sing paling bener dhewe. Atiku isih kudu tansah digegulang kepriye bisane supaya luwih lantip lan pener. Nggegulang ati bakale pancen ora ana kendhate. Awit, sapa ta aku iki? Aku dudu Gusti sing yasa urip!
Sik...sik... kok dadi saya jero ta iki?
Ah...leren dhisik. ***
No comments:
Post a Comment