Friday, November 09, 2007

Siaran Radio Popjawa ing Nederland

Esuk iki atiku bungah. Kaya biasane esuk ngurupake komputer terus niliki blog iki. Eh, ana priyayi sing mampir, Mbak Ariane van den Heuvel seka SRP (Siaran Radio Popjawa) Netherlands. Hehehe...pancen tanggal 5 Nopember kapungkur aku "dolan" mrana terus ninggali komentar ing buku tamu. Dolan mrana wae marga diparingi priksa karo Mbak Retma anane situs resep masakan nganggo basa Jawa! Wiiih...ana toh?! Bareng dak klik, eh, jebul iku situs radio Jawa ing tanah Walanda kana!

"The first 24-hours Non-Stop Popjawa streaming in the world since 24 dec 2004 Indonesia, Suriname & Netherlands". Iku keterangan singkat bab SRP. Menu sing kaaturake ana Pop Jawa MP3, Photo Album, Trah Karijodinomo, Links marang situs-situs Jawa liyane.

Aku nyelakake wektu nonton photo-photo ing folder Suriname. Pengen rasane mangerteni swasana desa ing kana. Jebul katon ora adoh bedane! Memper swasana ing Jawa! Aku ndownload photo tumpeng sing lagi dienggo kembulan! Dadi kelingan nang ngomahe simbah!

Terus, esuk iki mau aku penasaran ngeklik link Stamboom. Tegese aku ora mangerti. Nanging disawang saka photo-photo sing kapasang ing kana, sajake iku nuduhake trahe Simbah Karijodinomo. Atiku sumedhot. Yen nitik asma kang kaagem, nuduhake gagrag jaman biyen. Pikiranku kumeplas marang jaman rikala simbah-simbah biyen padha dibuwang menyang Suriname, papan sing adooooooh banget karo sanak sedulure. Ewa semono isih padha bisa tahan nganti tekan saiki, lan malah kawentar menawa Suriname iku identik karo wong Jawa! Kahanan ing tanah pembuangan sing dak bayangake, mbokmenawa memper karo kahanane bangsa Israel rikala ana ing pembuangan ing tanah Babylonia! Kangen marang tanah leluhur!

Aku yakin banget, sing marahi tetep urip mung pangarep-arep kang kandel lan mesthine pasrah marang Sing Karya Urip. Iku kang ana ing bayanganku, mula sedulur-sedulur Jawa ing Suriname malah dadi lan ngrembakane kaya saiki!

Anane Siaran Radio Popjawa ing kana, saya nuduhake sepira gedhene katresnan marang tanah leluhur. Yen maos judhul-judhul lagu sing kapasang, sangertiku akeh lagu saka album jaman aku isih cilik: Mus Mulyadi lan Waljinah si Walang Kekek. Ana sawetara sing anyar kayata albume Mas Didi Kempot. Wah, kepingin rasane aku bisa ngaturake lagu-lagu koleksiku sing anyar-anyar saka kelompok campursari sing lagi ngrembaka ing tanah Jawa kene.

Apese atiku bungah, ing pangangen-angenku maune marang blog BornJavanese ini ana candhake. Ana sedulur tunggal leluhur ing tanah sabrang sing mangerteni menawa ana peranganing atiku sing tumuju marang sanak-kadang ing kana, mligine Suriname.

Pandongaku, muga sedulur-sedulur kabeh tansah binerkahan dening Gusti kang Mahatresna, pinaringan rahayu lan bungah sakabehe. Amin. ***

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator