Saturday, May 03, 2008

Seka Easy-Share pindhah nang 4Shared

Para kadang sutresna, sajake akeh sedulur sing padha kangelan ndownload liwat Easy-Share. Wis nunggu sawetara suwe, kepara nunggu nganti 500 dhetik (byuuuuu..hh!), ewasemono ora kasil-kasil. Sanadyan wus kalipur dening gambar-gambar eheeemmm sing mak bedunduk katon, tetep wae ora marahi longgar penggalihe, malah kepingin sing ora-ora! Hehehe... iku gambar sing masang dudu aku lho!

Mula saka iku, aku mindhah file-file MP3 wayange, dak upload ing 4Shared sing luwih gampang, cepet, tur ora aeng-aeng nganggo kenya-kenya sing marahi flu-burung! Tekan wektu iki (15 Mei 2008) kabeh lakon sing kasebut ing ngisor iki bisa didownload liwat 4Shared:

  • Anoman Takon Swarga
  • Antareja Mbalela
  • Baladewa Mandira
  • Kresna Duta
  • Kresna Duta (Ki Timbul Hadiprajitna)
  • Petruk Dhukun
  • Semar Mbangun Kahyangan
  • Suryatmaja Maling
  • Ujung Sengara
  • Wahyu Slaga Hima
  • Wisanggeni Gugat
Download MP3 Wayang Kulit

Join 4Shared Now!

2 comments:

Anonymous said...

Wah jos sanget meniko kangmas Kandar. Senadyan to ulun mboya biso ngunduh seko ngomah, jalaran akses jaringan menyang situs-situs filesharing dipun blok, ananging taksih saget ngunduh saking fakultas kanthi sekeco. Maturnuwun sanget kangmas.

pajecko said...

Maturnuwun Mas Kandar, saestu langkung sekeco meniko. O njih sakderengipun kulo sampun nate ngirim komentar wonten ngandhapipun papan download Lakon Wahyu Slogo Hima, kenalanipun sampun wonten mriku njih Mas.

O njih dipun tambahi, kulo aslinipun saking Kenteng Ngangrung, tlatah Sentolo, sakwetanipun Kitho Wates. Sampun dangu kapacak dados tiyang Serpong, Tangerang kaliyan Gusti ingkang Moho Agung ...


Salam
http://pajecko.blogspot.com

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator