Wednesday, July 02, 2008

Dhandhanggula Kanca Tani

Ilir-ilir tandure sumilir
kanca tani kang padha makarya
sinawang lejar ing galih
parine lemu-lemu
katon subur nyenengke ati
kalis ing sambekala
iku panyuwunku
wit sihing Gusti kawula
kanca tani yekti saka guru nagri
uga bentenging bangsa


E e eba senenge
kanca tani yen nyawang tandurane
nyambut gawe awak sayah seneng atine
parine lemu-lemu
palawija lan uga sak wernane
katon subur kabeh tuwuh tansah loh tinandur

Panyuwunku tinebihna saking sambekala
Sihing Gusti mugi-mugi lestari widada

Sayuk rukun rame-rame
gotong-royong kang dadi semboyane
kanca tani yekti saka guru tumrap negarane


Bawa Dhandhanggula pancen asring kanggo buka sawernaning tembang Jawa. Surasane pada sing rinakit bisa awujud dedonga, pamuji, panyuwun utawa panuwun, pangalembana, ngudhar kahanan, lsp. Yen dibawaake kanthi ngujiwat, mesthi marahi ati kasengsem, kena prabawa endahing sekar sing karipta. Paling ora mangkono sing isa dak rasaake saka sekar Dhandhanggula Kanca Tani ing dhuwur iku.

Aku mirengake tembang Dhandhanggula Kanca Tani iku sepisanan lumantar saka swarane Mbak Evie Tamala. Kang Manthous wektu iku yasa album pop Jawa mligi kanggo Mbak Evie kanthi tembang unggulan "Kangen". Ora let suwe banjur Kang Manthous yasa album campursari . Tembang-tembang ing album iku uga dibesut nganggo versi campursari. Kelompok CSGK Majulancar yen ora kleru miwiti dhemam campursari ing Nuswantara iki, lan musik campursari banjur dadi trend.

Ing antarane tembang-tembang campursari, Dhandhangula Kanca Tani klebu dadi favoritku. Nyamleng banget yen dipirengake udakara jam 11-an pas mangsane para kanca tani kondur leren saka sawah. Siram, dhahar siang banjur leyeh-leyeh utawa udud-udud, sinambi nyetel campursari!

Bola-bali merga aku asli desa anake wong tani. Mula bisa ngrasaake milieu utawa donyaning tetanen. Wong tani iku cedhak karo alam, lemah, banyu lan tetanduran. Uripe akrab karo mangsa sing magepokan karo olah tetanen. Ora maidu yen sedulur-sedulur tani iku bisa duwe sesambungan raket karo Sing Gawe Urip, ya Gusti piyambak sing nguwasani alam sawegung iki. Sorwa-sarwi sakubet-liwering olah tetanen mesthi kinanthen puji lan panyuwunan marang Pangeran. Mula akeh upacara-upacara diadani minangka talining sesambungan antarane titah lan Gustine. [skd]

01. Gethuk.mp3
02. Iki Weke Sopo.mp3
03. Jangkrik Genggong.mp3
04. Kangen.mp3
05. Dandang Gula Konco Tani.mp3
06. Kacu Biru.mp3
07. Mawar Biru.mp3
08. Gemes.mp3
09. Ande-ande Lumut.mp3
10. Ngimpi.mp3
11. Kono Godo.mp3
12. Beboyo Margo.mp3
13. Kecik-kecik.mp3
14. Sue Ora Jamu.mp3
15. Lgm. Brambang Bawang.mp3

9 comments:

Anonymous said...

welah dala... ciloko.... tek lagu GEMES gak biso ya... kepriben kiyek kakangmas kandar? nyuwun pitulung njih... matur suwun..

nderek ndonlod

Kandar Ag. said...

GEMES nembe kemawon kula dandosi, mangga dipun sakecakaaken anggenipun syukuran! (``,)

H4r1 said...

Mas Kandar, Nyuwun Agunging panyuwun, estu kawulo mboten saget boso jawi kados Mas Kandar, Njenegan wontwn Jakarta, pinter boso jawi lan Inggris. Kulo Namung pitulong menawi wonten kamus bojo jawi, sageto boso kados Mas Kandar he....

H4r1 said...

Menawi wonten mas Kandar utowo konco-konco ingkang purun ngaturi, kawulo aturi ngintun dateng email kawulo inggih puniko hariyono.spdmm@gmail.com

Unknown said...

mas, menawi mp3. gendhing siteran wonten boten nggih?
badjuz@yahoo.com

P.A said...

wah cocok kawula kaliyan blog punika

ISAQ art performance said...

salam, mohon maaf…mau info sedikit…
sebelumnya kami ucapkan Alhamdulillah…

ISAQ Holistic Art Performance
mempersembahkan:

GAUNG HOLISTIK JIWA TAUHID
8 November 2009
Tennis Indoor Senayan

info:
Kantor Pusat:
Jl Cempaka Putih Raya No. 7B Jakarta Pusat Telepon:
(021) 42803361 (021) 98498806, http://www.isaq-center.com

Kantor Pusdiklat
ISAQ©™ Education Center
Gedung Indra Sentra Blok AK
Jl. Letjen Suprapto No 60
Cempaka Putih, Jakarta Pusat
Telepon: (021) 4265317

Kantor Manajemen
ISAQ©™ Education Center
Gedung Indra Sentra Blok AP3
Jl. Letjen Suprapto No 60
Cempaka Putih, Jakarta Pusat
Telepon: (021) 42881252

Contact Person:
Helianti Hilman | 0811 210 271
helianti@javara.co.id

ALAM SEMESTA ADALAH MAHA KARYA SANG PENCIPTA, DAN
SIFAT-SIFAT KEINDAHANNYA TERCERMIN PADA SEGALA CIPTAANNYA. MELALUI CIPTAANNYA, MANUSIA DAPAT MENGAMBIL HIKMAH DAN INSPIRASI MENUJU PELEBURAN SECARA HOLISTIK PADA SANG AHAD MELALUI SENI, TUHAN JUGA
MEREPRESENTASIKAN SIFAT-SIFAT KEINDAHANNYA KEPADA MANUSIA MELALUI AKTUALISASI SENI YANG SAMPAI PADA TITIK KULMINASI KEPASRAHAN TOTAL MANUSIA MAMPU MERASAKAN
KEHADIRANNYA DAN MENYAJIKAN KEINDAHANNYA
KEPADA SESAMA

Tari & Lagu
DHANDANG GULA:

Disaat pertemuan dengan Sang Kekasih Sejatih tercapai, rasa gundah sirna tergantikan oleh manisnya madu asmaradana dalam leburnya pertautan cinta. Rasa bahagia dirayakan sebagai tanda syukur atas kemenangan yang telah diraihnya, lewat gerak, tari dan tembang dhandang gula kemenangan dirayakan dan cinta yang utuh lahir dari kemurnian dan kesejatian cinta manusia kepada Sang Maha Kasih Allah, SWT. Cinta yang tidak pernah padam.

KPKNL PEKALONGAN said...

Nuwun Sewu Maz..dalem Budi, Saking Tegal, nyuwun pirsa nek Walang Kekek mboten saged dipun unduh nggih,monggo supados dicek malih..suwun

Barry Mann Khan said...

Pokoke Joss Gandos Kotos Kotos Nganti Bledos..mangga ms Kandar dipun lajengaken nguri uri kabudayan jawi, kulo dukung 100%...nggih mas leres..walang kekek kalian Kacu Biru "link tdk berlaku" matur nuwun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator