Donya iki pancen bunder! Mangkono ujaring atiku. Sanadyan durung tau ana ing awang-awang ing antaraning lintang rembulan , nanging aku yakin banget bab iku. Foto satelit bisa dadi bukti. Plengkunge cakrawala sing katon rikala numpak montor muluk (aku wis tau, hehehe...) uga bisa dadi tandha sing trawaca. Ilanging prahu layar saka ing pandulu, kaya-kaya angslup ing segara, uga aweh pratandha sing padha. Cekake, sacara wadhag kasunyatan bab bundere bumi iki ora kabantah maneh.
Nanging anehe, ing sajeroning pikiran lan pangertening manungsa isih sok ana panemu sing primitif bab donya iki. Coba wae rikala awake dhewe caturan bab kabudayan. Donya iki kaya-kaya awujud blebekan papan kang sinigar dadi pirang-pirang bagean: kulon-wetan, lor-kidul, tengah-pinggir! Ana sing diarani "budaya Barat" lan "budaya Timur", "negara-negara Utara" (negara sugih) lan "negara-negara Selatan" (negara miskin). Sing loro keri iki mbokmenawa isih rada tinemu akal marga nganggo dhasar tilas-laku-mayane srengenge. Iku wae isih bisa gawe bingung yen awake dhewe presis ana ing kutub lor utawa kidul! Yen arah jumedhule srengenge dadi landhesan panemu kulon-wetan, Semarang iku wetan tumraping Jakarta, nanging kulon trumraping Surabaya! Dadi, Semarang iku wetan utawa kulon?! Jawabane gumantung saka ngendi anggone nyawang! Dadi, relatif!
Lha, yen ditrepake marang kabudayan, olah pikir lan panemu, kaprigelan lan adat-istiadat, apa sing bisa didadekake dhasar kanggo nitik kabudayan iki "barat" lan sing iku "ketimuran"? Mbokmenawa gegayutan bab iki ana sejarahe dhewe, kapan presise tembung kulon lan wetan dicakake kanggo nengeri cirikhas kabudayan-kabudayan ing donya iki. Nanging dak anggep iku ora relevan maneh!
Awake dhewe isih sok ngarani yen cara mikire wong Amerika, Australia lan Eropa kana iku cara mikire wong (kabudayan) Barat. Dene cara mikire wong China, Kamboja, Jepang, Melayu, Indonesia, India, iku cara mikire wong (kabudayan) Timur. Agama iki duweke wong kulon, dene agama iku duweke wong wetan. Kepara anggone ngarani kaya mangkono mau kinanthen rasa-pangrasa, panggraita lan sikap sing cubriya, serik utawa memungsuhan; yen perlu siaga tata-tata amerangi anyingkiri siji lan sijine sing padha dene nganggep sabrang utawa asing!
Byuuuh...byuuuuh...! Saiki iki wus jamane donya njaba-njero bunder! Globalisasi wus dudu barang aneh maneh. Pasrawungane wong-wong sadonya iki wus ora bisa dipenggak maneh. Papan lan laladan wus ora pati dadi alangan sing pengaji banget. Bukti nyatane, teknologi cellular lan jejaring internet wus dadi barang darbe meh saben wong! "Halloooo...Mister, ini Agus! Walaaah... Agus Aguuus!" - isa dadi conto tandha-tengara anane globalisasi iku. Ambyuking wong sajagad menthelengi televisi kepingin nyipati lan nggatekake pelantikan Barack H. Obama ing Washinton DC uga dadi conto sing anget. Figur Obama sing getihe ireng lan putih, lan wus tau ngalami urip ing jangkaning kiblat papat "kulon-wetan-lor-kidul", ndadekake wong sadonya kaya-kaya duwe gegadhangan anane tokoh sing bundere jagad iki ora mung ana wadhag, nanging uga ana ing njero!
Dening Gusti aku wus kepareng lahir dadi bocah Jawa.
Esuk-awan-sore nyipati plethek nganti tekan surupe srengenge. Dene yen wayah bengi kasunaran lintang rembulan sing gawe tentrem lan padhanging kalbu. Srengenge, lintang lan rembulan iku sing uga mengkoni kabeh wong tunggal sabumi.
Gegadhanganing atiku: kapan aku dadi manungsa sing wutuh,
ora mung saperangan lan datan ilang Jawa-ku. [skd]
4 comments:
Matur nuwun sanget nggih, Kang. Kula download gendingipun, nggih.
Mangga...sak maremipun.
Jaman tahun 60an kirim kartu pos Purworejo -Jakarta nganti 2 minggu nembe tekan, saiki kirim e-mail ra menit-menitan tekan nggone. Canggih tenan yo Mas.... Untung aku isih biso ngalami, Puji Tuhan
Nek bunder iku biasane muter, kadang neng duwur kadang neng ngisor. Mulane kudu eling lan waspada
Mas Kandar mangga pirsani gubug enggal sing semrawut, acak-acakan. Nyuwun pitedahipun
Post a Comment