Monday, November 03, 2008

Gendhing Tlutur - MP3

Unified by the death
Download: 1024*731



Gendhing irama "tlutur" biasane dipidhangetake kanggo ngiringi swasana dhuhkita utawa sedhih. Sanadyan ora patia biasa diputer ing pamakaman utawa layatan kawula lumrah, nanging sajatine kasanah musik gendhing Jawa nyedhiani irama kanggo tema-tema sedhih kaya mangkono. Cirikhas gendhing tlutur kapireng ing swara rebab, gender lan gambang.

Mirengake gendhing Tlutur ora kudu nunggu ana sripah. Yen ati lagi nglangut, utawa lagi kepengin cecaketan karo nugrahaning dalu, gendhing iki pas banget kanggo nyipta swasana wening ing kalbu. Ing tengah wengi mangsane arep mapan sare, nyawisake dedonga pasrah marang Gusti, gendhing iki uga bisa dadi iringan sing angujiwat.

Ing ngisor iki dak aturake link-link kanggo download gendhing irama tlutur iku kanggo nambahi koleksi:


KTW GAMBUH PL BR.MP3
KTW KUSWOWIRANGRONG PL6.MP3
KTW POCUNG NIRBAYAN PL5.MP3
KTW SUMEKAR PL5.MP3
LDR ALAS PADHANG PL6.MP3
LDR JAKALOLA PL BR.MP3

Powered by: Cowon JetAudio
Join 4Shared Now!

Pidato ing paharyan temanten

Sasi Juni 2008 kepungkur aku antuk e-mail saka sedulur sing asring mampir ing blog iki. Piyambake mundhut tulung digawekake ngengrengan pidhato temanten, marga kapatah dening pihak temanten kakung supaya makili kulawarga ing adicara pawiwahan ing daleme temanten putri. Mak bedunduk, aku nyaguhi pamundhutan itu tanpa mikir warna-warna. Kamangka babar blas aku durung tau pidhato ing pahargyan kaya mangkono. Dhasare ya durung wangun! Hehehehe.... Nanging ngiras pantes ngudi kawruh lan sisan sinau, aku banjur mbudidaya gawe ngengrengan sagaduk-gadukku. Sadurunge wiwit nulis aku telpon bapakku dhisik; yen bapak wis kulina dipundhuti tulung supaya pidhato makili kulawarga temanten. Jreeeeng... dadine kaya sing dakaturake ing ngisor iki.

Pikirku, sabubare Syawal iku sasi Besar. Biasane ing sasi iki akeh sing padha kagungan gawe mantu. Mula dak upload ing blog iki. Ananging, marga mau-maune mung saka krenteg sinau, mula yen ana kadang sing priksa ana kekurangane lan maringi pamrayoga luwih becike, bakal dak tampa kanthi bungah.

Sumangga.... ***


Atur sapala ing pahargyan pawiwahan
saking pihak penganten kakung


Urut-urutan:
1. Pambuka
2. Wos (Inti)
3. Panutup


Pambuka:
Assalamualaikum….
Berkah karaharjan mugi rumentah dhateng kula panjenengan sadaya.
Amin.

Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang satuhu kawula bekteni.
Langkung rumiyin matur sembah nuwun dhumateng sadherek pranata adicara ingkang sampun paring wekdal dhateng kula. Keparenga kula badhe matur minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit. Ing titiwanci punika kula sabrayat ngaturaken kulanuwun lan pambagya harja dhumateng para rawuh sadaya, satuhunipun dhumateng panjenenganipun .... (asma sarimbit pihak besan), ingkang sampun karsa nampi pisowan kula sarombongan wonten ing dalem punika (kulawarga ing mriki) kanthi kebak ing pambagya kinanthen pasugatan ingkang sangsaya nuwuhaken rumaketing pasedherekan lan tali silaturahmi.

Wos (Inti):
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh ingkang satuhu kawula bekteni.
Sowan kula sarombongan ing mriki saperlu njangkepi punapa ingkang sampun dados kuwajiban kula minangka tiyang sepuhipun temanten kakung, inggih anak kula pun ….. (asmanipun temanten kakung). Puja puji syukur konjuk ing Pangeran ingkang Murbeng Jagad dene ing dinten .... (dinten) surya kaping... (tanggal) ing wulan.... (bulan) warsa ... (tahun) punika, anak kula punika estu sampun dhaup asta lumiyat kalihan nakmas ayu.... (asma penganten putri) kanthi wilujeng nir ing sambekala datan wonten rubeda satunggal punapa. Ijab suci (ijab qobul) sampun kalampahan ing dinten punika tabuh... (pukul) wonten ing ... (papan ijab) lumantar.... (pejabat pernikahan).

Raos bingah, bombong lan bebeg cumondhok ing manah kula lir kasiram tirta sawindu, dene punapa ingkan dados sedya lan pangajap kula anggenipun minangkani panyuwunipun anak kula estu sampun saged kasembadan tuwin kababar ing dinten punika. Pramila, kula ing pahargyan punika boten wonten sanes kajawi amung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, langkung-langkung dhumateng Bapa-Ibu besan ….. (asma tiyang sepung penganten putri) sarimbit, ingkang sampun hamengkoni jangkeping gati saha rantamaning titilaksana ing adicara pawiwahan punika kanthi longgar ing panggalih, wiwit purwa, madya lan purnaning pahargyan samangke.

Agenging panuwun ugi kula aturaken dhumateng para rawuh sadaya ingkang sampun karsa mijekaken wekdal ngenthengaken sarira njenengi pahargyan wiwahan punika, lan nekseni anak-anak kula anggenipun miwiti adegipun kulawarga enggal. Amung Gusti Mahamirah ingkang saged paring lelintu dhumateng katresnan, kasaenan, tuwin donga pangestu lan pambiyantu panjenengan sami. Panuwun kula mugi-mugi rawuh panjenengan sadaya, dadosa berkah saha pangestu ingkang lumintu dhateng anak-anak kula punika amrih sangsaya madhep lan mantep, jumangkah kanthi jejeg ing madyaning gesang bebrayatan agung samangke. Mugi wijining katresnan saged angrembaka linambaran sikap setya, sami dene urmat kinurmatan kanthi iman ingkang tansah sumunar, tansah bekti dhumateng tiyang sepuh, leluhur tuwin Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Ingkang rumiyin jejer kalih, sapunika sampun nyawiji dados satunggal datan kapiji-piji malih. Mugi kekalihipun sageda langgeng katresnanipun; binerkahan gesang lan pakaryan tuwin pangupajiwanipun; tansah mersudi dhateng jejering kautamen ing panggulawenthah dhateng para putra wayahipun; temahan begja gambira ngantos dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen.

(Saged dipun tambahi malih.)

Panutup:
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, para sepuh, sesepuh, saha para pinisepuh, kakung sumawana putri ingkang tuhu sinudarsana.
Kados boten prayoga manawi kula matur kathah-kathah. Sadaya isen-isening manah kula sampun kababar. Pramila, atur kula kacekapaken semanten kewala, lan mbokbilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agenging samodra pangaksami.

(Optional: mBoten ateges anggege mangsa, amung ngiras-ngirus wekdalipun, ing saparipurnaning pahargyan samangke kula sarombongan nyuwun pamit madal pilenggahan, wangsul tumuju dhateng ….. Pramila kula sarombongan nyuwun donga kawilujenganipun).

Ing wasana, kula minangka talang aturipun .... (asma sarimbit tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang dipun wakili) sarimbit, mbokbilih anggen kula matur taksih kathah klenta-klentunipun krana cupeting kawruh basa saengga nerak paugeraning paramasastra, temahan dados kirang nujuprana ing panggalih panjenengan sami, kula nyadhong lumunturing sih pangaksama.

Wasana cekap, Assalamualaikum….
Wekdal kula kunduraken dhumateng sadherek pranata adicara.
Matur nuwun. [skd]

Monday, October 06, 2008

"Nyambut gawe"


Ketupat, originally uploaded by irwandy.



Dina riyaya Lebaran 1429 H wis kliwat. Aku nganti ora sempat ngaturake ucapan "Selamat Idul Fitri" ing blog iki, marga melu prei lan ora sempat akses internet sajroning liburan. Sedulur-sedulur sing padha mudhik nganti wus balik maneh. Kutha Jakarta wus rame maneh, mbok menawa wus tambah penduduke dening sedulur-sedulur anyar sing duwe pangarep-arep gedhe marang gumebyaring kutha metropolitan iki.

Nyipati arus mudik lan arus balik Lebaran tahun iki, murugake aku ngalamun. Ora ngalamun marga ora bisa mulih menyang Jogja lan kumpul karo kulawarga, nanging aku ngalamunake underaning tembung sing dadi kawigatenku, yaiku "nyambut gawe". Awit, akeh-akehing wong sing padha neba ing kutha gedhe, luwih-luwih Jakarta, racake padha duwe pawadan "golek gawean"; kepara ana sing nganggo tembung "ngadu nasib". Kang ana ing gegambaranku, gegandhengan karo budaya mudik Lebaran, wong-wong iku padha "golek dhuwit", diklumpukake supaya samengko ing mangsane bisa kanggo sangu mudik lan ngriyayaake Idul Fitri ing kampung halamane.

Bareng dak lelimbang, tembung "nyambut gawe" iku werdine luwih jero tinimbang "makarya". Ing bahasa Indonesia karo-karone ateges "bekerja" utawa "berkarya". Aku nganggep yen "nyambut gawe" iku minangka tembung camboran awit yen dipisah "nyambut" lan "gawe" duwe teges dhewe-dhewe sing beda. "Nyambut" bisa ateges "nyilih", bisa uga "mapag" utawa "menyongsong" lan "manggaake". Dene "gawe" bisa ateges "yasa", "nyipta", "karya" nanging uga bisa ateges "pesta". Mula yen ana sedulur sing lagi mantu, awake dhewe ngarani "Sedulur iku nembe duwe gawe mantu." Lha, yen tembung "nyambut gawe" diterjemahake kanthi "bekerja" utawa "berkarya" thok, rasane kok ana sing kurang.

"Nyambut gawe" saka panglimbangku nduweni werdi sing luwih tinimbang mung makarya, golek dhuwit utawa pangupajiwa. Nanging tembung iku kaya-kaya momot kautamaning priyayi Jawa sajroning pasujarahaning urip ing marcapada iki. Wong Jawa iku duwe sesanti luhur: "Empan papan, sepi ing pamrih, rame ing gawe, mamayu hayuning bawana". Mula saka pangrasaku tembung "nyambut gawe" iku nuduh marang "rame ing gawe" ana ing sesanti iku. "Aku nyambut gawe," ateges aku makarya ing sajroning rantaman adicara pesta ana ing bebrayatan agung iki; pakaryan sing dak tindakake iki dadi bageaning pesta sing samengkone bakal tekan titi wancine.

Idul Fitri bisa dadi puncaking "pesta" iku. Mula yen saiki aku panjenengan padha keklumpuk bandha "lahir lan batin", iku pancen wus samesthine kanggo nyawisake dinaning riyaya ing tahun ngarep! Sing kudu tetep dak sadhari, "pesta" ing kene awujud pesta jasmani-rohani sing agawe hayuning bawana!


Sanadyan sampun telad, keparenga kula ngaturaken: SUGENG RIYADI IDUL FITRI 1429 H. Nyuwun pangapunten lahir-batin dhateng sadaya kalepatan kula ing blog punika. Mugi jagad enggal saged kabangun kanthi kebak ing berkah Dalem Pangeran! Amin. [skd]


Advertising free mortgage calculator