Tuesday, September 29, 2009

Sarasehan (8) – Kekarepan, Tékad lan Pambudidaya

AWAN iku Bapak katon mempeng anam ténggok ing ngisor wit rambutan ngarep omah. Jaréné, ténggok mau bakal kanggo wadhah gabah lan jagung mengko ing mangsa panèn. Ténggok sing biasané dianggo wadhah rikala panèn wingi wus bodhol dasarané, wong pancèn wus bola-bali rusak lan mung ditèmbèli waé.

“Lha kok boten mundhut kémawon toh, Pak? Rak boten perlu répot-répot, wong reginipun ugi boten awis, tur ngirit tenaga kalihan béaya,” mengkono ujarku.

“Bocah saiki mono ngertiné apa-apa tuku! Lha yèn bisa gawé dhéwé, kanangapa kudu tuku? Mbok dadi wong mono aja mung seneng golek kepénak, ngertiné kabèh wis sarwa cumepak. Isané mung nyawang, milih, njupuk lan mbayar! Sing wigati iku ora mung ténggoké, Lé, nanging luwih-luwih semangaté. Kéné, yèn gelem sinau dak ajari gawé ténggok, supaya mengko ing pasar ora kentèkan bakul kranjang lan ténggok!”

“Ah, paling mangkih dadosipun malah boten karuan, Pak!”

“Lha…lha…lha…, durung-durung rak wis miyur atiné, wis kena virus ko-gèk! Mengko gèk ngéné, mengko gèk ngono….. anané mung wedi nyoba. Kuwi penyakit, Lé!”

“Kados pundi anggen kula boten ajrih, menawi lepat mangkih Bapak duka…”

“Dadi saka rumangsamu Bapakmu iki tukang nesu ngono pa, Lé? Kok nganggo wedi barang, kaya-kaya Bapakmu iki memedi waé. Cilaka yèn dadi wong kok diwedèni liyan, bakalé adoh rejekiné merga wong-wong padha mlayu! Sanadyanta nesu iku sejatiné ya ana gunané, nanging yèn bener sebabé, pener wektuné lan pener tumanduké.”

“Lha bab ténggok wau, kados pundi Pak?”

“Mula jajalen gawé sabisamu. Mengko yèn pancèn apik ya bakal dak alem. Déné yèn kurang apik, anggeré isih kena dianggo rak ya ora kurang gunané. Sing penting kuwi kekarepan lan tékad dhisik, Lé. Yèn wis kulina nandangi, wong iku bakal saya trampil lan wasis. Mula sing jeneng karep iku gedhé ajiné. Ora sapantesé yèn ana sing matèni kekarepané wong liya kanthi nganggep dhèwèké ‘ora isa’.

Mangertia Lé, lemahé Eyangmu iku seprana-sepréné mènèhi hasil sing akèh ora merga digarap wong-wong sing pinter kok, nanging merga sing nggarap nduwèni kekarepan sing peng-pengan tenan. Kowé rak weruh dhéwé. Dak kira awaké dhéwé iki perlu matur nuwun merga duwé sedulur-sedulur kang kaya mangkono mau," ngendikané Bapak karo tetep ugleg nerusaké anggoné anam ténggok.

"Bapakmu iki isané gawé ténggok merga sinau saka sedulur-sedulur ing kidul gunung kaé jaré. Asilé… ténggok gawéanku ora kalah rapet tinimbang karo ténggok tukon pasar. Yèn dianggo wadhah gabah ora ana kang cicir. Gèk ndang ayo, njajal gawéa ténggok, Lé!” [skd]

*) Tulisan 8 saka 9.

Sunday, September 27, 2009

Sarasehan (7) - Ngenam-nam Cipta Kanggo Mangsa Sing Bakal Kelakon

SORÉ iku aku kanthi mirunggan lungguh sakloron karo Bapak, mesthi waé ing sangisoré wit rambutan ing ngarep omah. Dak sebut mirunggan awit anggoné lelungguhan iki mula kanggo nganyari lincak pring sing nembé waé diganti awan mau. Critané, lincaké lawas wis gapuk, nganti dina kepungkur ana wong kajengkang nalika bakal lungguh ing ndhuwuré. Soré iku aku lan Bapak ngrasaaké lincak anyar sing wus ngadeg kanthi bakoh manèh.
“Lé, mangsa plabuh sésuk sawah wétan gunung iku bakal kotanduri apa?” danguné Bapak sinambi nglinting udud.
“Lha, Bapak ngersaaken napa?” wangsulanku.
“Wah, yèn kowé dak sekarep kok, Lé! Saka rumangsaku, kowé wis bisa nemtokaké tanduran kang cocok lan becik ing kana. Mula Bapak ora bakal dhawuh, nanging bakal nyengkuyung apa waé sing kopilih,” ngendikané Bapak karo nyumet rokok lintingané.
“Lha nggih kados adat saben toh, Pak. Mangkih rak badhé ngadhepi mangsa ketiga, dipun tanemi palawija kémawon.”
“Lha iya, ning apa? Jagung, dhelé, kacang utawa apa?”
“Wah, taksih ningali para sadhèrèk kiwa-tengenipun kok. Nanging mbok menawi kacang brol kemawon,” aturku ngarep-arep pamrayoga saka Bapak.
“Maksudku kuwi, yèn bisa cetha rak ya banjur bisa dicawisaké wiwit saiki, ya bibité, rabuké, tenaga lan uga biayané,” ngendikané Bapak sing banjur kèndel sauntara, ngemataké kebul udud sing sakawit padhet banjur sumebar katiup angin.
“Lé, kabèh sedulur kang padha nggarap sawahé Simbahmu uga dak takoni bab sing padha. Bapak mono kepinginé mènèhi kalonggaran marang kabèh sedulur, mbok menawa duwé pepinginan lan rancangan dhéwé. Dadi ora kudu ngentèni dhawuhé Bapak. Kejaba yèn pancèn padha bingung anggoné nemtokaké kekarepané. Lha, rak ya para sedulur mau uga toh, kang luwih cedhak lan luwih ngerti marang lemah garapané? Pancèn jaman biyèn kabèh kudu manut dhawuhé Éyangmu, mula tanggung jawabé luwih ènthèng merga mung sadrema nindakaké dhawuh. Nanging urip kuwi rak ora cukup yèn mung manut dhawuh. Kalamangsané ya kudu wani duwé pepinginan, rancangan lan putusan dhéwé. Kanthi mangkono uripé dhéwé dadi saya gumathok jangkané lan saya déwasa anggoné mangku tanggung jawab.”
Tekan pangandikan iki, aku mung meneng, nanging ing jroning ati nyetujoni ngendikané Bapak: kudu mbangun pepinginan, rancangan lan peputusan dhéwé supaya jangkaning urip dadi saya gumathok lan saya déwasa anggonku mangku tanggung jawab! [skd]

*) Tulisan 7 saka 9.

Saturday, September 26, 2009

Sarasehan (6) - Gegayuhan lan Pandonga

NALIKA swasana sepi, wit rambutan ing sangarepé omah katoné nyimpen prabawa kang luwih gedhé lan ora bisa dirasaaké déning para sedulur kang mung liwat, mampir utawa ngobrol ing sangisoré. Wit mau tansah mènèhi rasa ayem marang sapa waé sing nyedhaki, embuh kanthi awak sayah, kanthi ati nelangsa utawa uga kanthi budi kang lagi peteng. Kepara wit rambutan iku nduwèni daya kang nuntun ati lan budiné kabèh wong kang kepingin nata lan neges pengalamaning urip, ing sangisoré. Luwih-luwih, wit kang wus bola-bali ngalami owahing jaman iku bisa dadi papan sing padhang tumrapé wong kang nduwèni karep nata urip sing wus kepungkur, ngecakaké urip ing jaman saiki lan ngrancang urip ing mangsa-mangsa sing bakal kelakon.

Pancèn durung akèh pawongan sing nedya mijèkaké wektu gelem nyepi ing sangisoré wit rambutan iku. Sing paling kerep dak weruhi nyepi, nglelimbang lan ngenam pikir ing kana mesthi waé Bapak.

Sawijining dina sawisé sawetara lenggah dhèwèkan ing kana, Bapak banjur nimbali aku lan ngandika, “Lé, iba gambirané menawa kabèh lemah warisané Éyangmu iku bisa digarap kanthi becik. Mesthiné bakal dadi saya subur lan mènèhi panèn kang saya ndrebala. Yèn bisa mangkono, ora mung Bapak sing seneng, nanging uga para sedulur kang padha nggarap ya bakalé nampa berkah luwih akèh, tangga teparo ya bakal mèlu ngrasaaké berkahé. Prayogané ngono Lé, lemah-lemah iku kudu diolah bebarengan supaya bisa ndadèkaké para sedulur dadi saya mulya, saya rukun, lan mongkog atine. Kabèh mau duwé panjangka supaya lemah-lemah iku dadi berkah kanggo sapa waé…

Muga-muga para sedulur kang adoh dadi rumangsa saya caket, déné para sedulur kang cedhak dadia saya rukun. Lha, awaké dhéwé iki rak ya wus ditunggalaké dadi sedulur déning lemah warisané Éyangmu ta, Lé?!” [skd]

*) Tulisan 6 saka 9.


Advertising free mortgage calculator