Sunday, September 27, 2009

Sarasehan (7) - Ngenam-nam Cipta Kanggo Mangsa Sing Bakal Kelakon

SORÉ iku aku kanthi mirunggan lungguh sakloron karo Bapak, mesthi waé ing sangisoré wit rambutan ing ngarep omah. Dak sebut mirunggan awit anggoné lelungguhan iki mula kanggo nganyari lincak pring sing nembé waé diganti awan mau. Critané, lincaké lawas wis gapuk, nganti dina kepungkur ana wong kajengkang nalika bakal lungguh ing ndhuwuré. Soré iku aku lan Bapak ngrasaaké lincak anyar sing wus ngadeg kanthi bakoh manèh.
“Lé, mangsa plabuh sésuk sawah wétan gunung iku bakal kotanduri apa?” danguné Bapak sinambi nglinting udud.
“Lha, Bapak ngersaaken napa?” wangsulanku.
“Wah, yèn kowé dak sekarep kok, Lé! Saka rumangsaku, kowé wis bisa nemtokaké tanduran kang cocok lan becik ing kana. Mula Bapak ora bakal dhawuh, nanging bakal nyengkuyung apa waé sing kopilih,” ngendikané Bapak karo nyumet rokok lintingané.
“Lha nggih kados adat saben toh, Pak. Mangkih rak badhé ngadhepi mangsa ketiga, dipun tanemi palawija kémawon.”
“Lha iya, ning apa? Jagung, dhelé, kacang utawa apa?”
“Wah, taksih ningali para sadhèrèk kiwa-tengenipun kok. Nanging mbok menawi kacang brol kemawon,” aturku ngarep-arep pamrayoga saka Bapak.
“Maksudku kuwi, yèn bisa cetha rak ya banjur bisa dicawisaké wiwit saiki, ya bibité, rabuké, tenaga lan uga biayané,” ngendikané Bapak sing banjur kèndel sauntara, ngemataké kebul udud sing sakawit padhet banjur sumebar katiup angin.
“Lé, kabèh sedulur kang padha nggarap sawahé Simbahmu uga dak takoni bab sing padha. Bapak mono kepinginé mènèhi kalonggaran marang kabèh sedulur, mbok menawa duwé pepinginan lan rancangan dhéwé. Dadi ora kudu ngentèni dhawuhé Bapak. Kejaba yèn pancèn padha bingung anggoné nemtokaké kekarepané. Lha, rak ya para sedulur mau uga toh, kang luwih cedhak lan luwih ngerti marang lemah garapané? Pancèn jaman biyèn kabèh kudu manut dhawuhé Éyangmu, mula tanggung jawabé luwih ènthèng merga mung sadrema nindakaké dhawuh. Nanging urip kuwi rak ora cukup yèn mung manut dhawuh. Kalamangsané ya kudu wani duwé pepinginan, rancangan lan putusan dhéwé. Kanthi mangkono uripé dhéwé dadi saya gumathok jangkané lan saya déwasa anggoné mangku tanggung jawab.”
Tekan pangandikan iki, aku mung meneng, nanging ing jroning ati nyetujoni ngendikané Bapak: kudu mbangun pepinginan, rancangan lan peputusan dhéwé supaya jangkaning urip dadi saya gumathok lan saya déwasa anggonku mangku tanggung jawab! [skd]

*) Tulisan 7 saka 9.

No comments:

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator