WOHING rambutan ing ngarep omah wiwit semburat, rasané wis legi sanadyan kurang mbanyu. Sedhéla manèh rambutan mau bisa dipanèn. Kadhangkala Bapak kerèpotan anggoné ngurus rambutan mau, awit panènané pancèn akèh. Mèh kabèh pekarangané Simbah ana wit rambutané.
Mula rasa gambira ing mangsa panèn uga kerep dibarengi rasa kuwatir. Papan kang adoh mujudaké salah sijining bab kang ndadèkaké angèl anggoné arep nggatèkaké kabèh kanthi premati. Paling mung sepisan sajroning selapan dina Bapak bisa tindak niliki lemah-lemah mau lan rerembugan karo para sadulur kang ana ing kana. Mesthi waé kuwi durung nyukupi lan dirasa kurang. Tau kedadéan woh kang siap dipanèn mau dicolong maling. Kadhang uga sapérangan bosok ing wit marga ora énggal diundhuh, lan ora langka wité kaserang ama kang ndadèkake wohé bangkak utawa bungkik. Mesthi waé Bapak dadi sedhih yèn mriksani bab-bab mau. Mula Bapak tansah ngajak supaya kabèh sedulur luwih gemati anggoné ngupakara lan ngopèni woh-woh mau karebèn aja nganti ana kang muspra nadyan mung siji waé.
Nanging saka rumangsaku kang ndadèkaké Bapak luwih sedhih yaiku menawa kedadéan salah paham, antarané Bapak dhéwé karo para sedulur kang ngupakara, utawa ing antarane para sedulur sing padha-padha ngupakara mau. Dhadhakaning perkara kadhang mung sepélé. Umpamané, Bapak kagungan ‘usul’ bab cara ngupakara woh-wohan mau, nanging jebul usul iku mau ditampa minangka ‘dhawuh’. Lha, rak dadi béda kedadéane!
Pancèn ana sawetara sedulur ing papan-papan tertamtu sing kudu dibiyantu, dituntun siji mbaka siji, anggoné olah tetanduran. Nanging ana uga kang wus trampil lan luwih pana tinimbang Bapak merga pasrawungan lan seserepan bareng Simbah biyen. Mung waé terkadhang padha sungkan arep nyoba cara kang béda tinimbang usulané Bapak. Uga ana kang wus marem marang apa sing ana, ora perduli apa wus ana peningkatané apa ora, ora rumangsa kepengin nuladha sedulur-sedulur ing papan liya kang bisa nggarap lemah kanthi luwih apik.
Pancèn Bapak banjur sarwa kèwuhan marga wus kadhung dianggep ‘kang kagungan lemah lan tetanduran’. Kamangka Bapak saben-saben ngendika, “Sabeneré ora mung aku kang duwé lemah lan tetanduran iki, ananging awaké dhéwé kabèh, kang ngundhuh lan ngrasaaké wulu wetune ya awaké dhéwé kabèh.” [skd]
*) Tulisan 4 saka 9.
Saturday, September 12, 2009
Sarasehan (4) - Komunikasi Iku Wujuding Katresnan
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment