Dina Kemis sore, tanggal 04 Desember 2008 aku mulih Jogja saperlu ngeterake nyonyahku sing lagi ngandhet tuwa. Si jabang bayi wis silak ora betah aneng njero guwagarbaning bojoku. Lha, ibune thole kepingin babaran ing Jogja supaya katunggon ibu, ya eyang putrine thole. Maklum, anak sepisanan, dadi ya durung pe-dhe. Tur maneh, yen babaran ing Jakarta saya ora pe-dhe, jalaran adoh sedulur lan sing baku ragate mesthi gedhe. Durung yen lahire bocah ndadak nganggo dioperasi sesar. Sumlengeren aku! Gek aku iki isih wong pidak pedarakan sing lagi thimik-thimik urip ing metropolitan kanthi pametu sing pas-pasan. Cekake, ora duwe tandhon celengan kanggo jumedhule jabang bayi ing alas Jakarta iki!
Tekan Jogja atiku wis rada lega, bisa tekan ngomah kanthi slamet. Nanging rasa was kuwatir isih ana. Jarene dokter anakku bakal lahir antarane tanggal 23 - 27 Desember. Wektu iku THR-ku wus mudhun durung ya? Yen durung, blaik! Mula aku ancang-ancang golek utangan. Untung ana sing sumadhia kapan wae aku prelu. Syukuuur... ati dadi rada ayem. Ya muga-muga wae ora nganti numusi duwe utangan. Muga-muga lahire anakku normal wae. Mula sadurunge aku budhal balik Jakarta dina Selasa, 09 Desember, aku weling marang si jabang bayi sing isih nang njero weteng, "Le... mengko yen kepingin metu, metu ngono wae ya! Ora ndadak nganggo aeng-aeng, lan ora usah nunggu bapakmu iki. Bapak arep nyambut gawe. Tenan, lho Le!"
Dina Jemuah, 12 Desember tengah wengi, nyonyahku nelpon, wis nganggo sambat mules-mules. Aku dikon siap-siap mulih. Esuke, 13 Desember aku age-age nyawisake apa-apa gaweyan sing kudu dak pasrahake marang kancaku. Tabuh 08.00 bojoku nelpon maneh yen wis diterake menyang RS. Panti Rapih, sajake pancen wis tekan wektune. Waaa... saya kalut aku. Tabuh 11.27 aku oleh telpon maneh saka adhiku ipe, "Anakmu wis lahir...cowok...normal! Selamat yaaa..." Nyeeessss... atiku lwegaaa ra karuan! Pandongaku kabul. Matur nuwun, Gusti! Sabtu sore aku mulih kanthi ati bungah.
Lha, nanging THR durung mudhun! Blaik temenan! Kapeksa ndhodhog sing nyaguhi motangi aku. Dina sabanjure potangane cair. Hehehe...alhamdulillah! Janjiku, pokoke THR mudhun, langsung utang dak balekake. Dina Selasa, 16 Desember bojo lan anakku wis bisa dak gawa mulih kabeh. Sorene aku mulih maneh menyang Jakarta jalaran mung entuk cuti istri melahirkan 2 dina. Jemuah, 19 Desember sore mulih Jogja maning! Jaaaan... wira-wiri. Kesel awak lan ragad, hehehe... ning ya ra papa, wong atine lagi bungah diparingi momongan sing sehat, normal, sampurna, lan bagus kaya bapakne! Hahaha...
Minggu, 21 Desember anakku digawekake kendurenan puputan. Untunge, Bapak-Mamak lan kulawargaku padha melu cawe-cawe. Adhiku nyilihi dhuwit, dene bapak nganti adol wedhus barang! Trenyuh atiku. Tanggal 23 Desember THR mudhun, langsung dinggo mbayar utang! Lumayan, ora dadi slilit. Lha, ning... tangga teparo wis padha ngawe-awe: akeh sing padha dadi manten, karo sunatan! Tambah maneh, adhiku ragil uga bar kapusan 300 ewu dening sms gemblung! Ealaaah... Ora pa-pa, aku percaya yen Gusti mesthi tansah paring dalane rejeki. Gusti ora sare!
Kaya siniram tirta sawindu, rikala aku niliki blog iki persis ing tanggal 1 Januari 2009, mangsane Tahun Baru. Blog basa Jawa iki akeh sing padha ngrawuhi lan paring komentar. Ora kaya adate, akeh ucapan selamat tumpuk-tumpuk: Selamat Natal & Tahun Baru, proficiat marga pinaringan momongan, lan selamat marga menang kontes program Ourfriends KapanLagi.com! Oalaaah Le.... Le..., tekamu nggawa rejeki! Aku antuk bebungah awujud dhuwit 5.000.000 rupiah. Hehehe... gambare Luna Maya ing sidebar sisih tengen kuwi sing njalari blog iki kapilih.
"Pak, mengko yen bebungahe wus cair, dak tukokake wedhus wis!" mangkono janjiku marang bapakku sing mung banjur mesam-mesem.
"Yen ora apus-apus..." bapak sajak ora pati njagaake.
Esuk mau aku oleh telpon saka KapanLagi.com, konfirmasi nomor rekeningku! Jreeeeng...!!! Klakon nukokake wedhus bapak temenan iki! Hahaha...
Salam sukses, lan mugi Gusti tansah amberkahi! Gusti ora sare! [skd]Matur nuwun dhumateng KapanLagi.com, dene sampun milih blog punika dados satunggaling pemenang ing kontes Ourfriends. Sinaosa blog punika boten populer ing antawisipun kadang anem ing nagari punika, ananging menangipun BornJavanese ing ajang kontes, mratandhani bilih KapanLagi.com suka apresiasi dhateng budaya tradisional, kalebet budaya Jawi.
Kula ugi rumaos, pinilihipun blog punika boten amargi kula kewala, ananging ugi amargi para kadang sutresna ingkang tansah ngrawuhi. Pramila, atur panuwun ugi kula caosaken dhumateng panjenengan sadaya ingkang tansah rawuh ing mriki. Tanpa panjenengan, kula kinten tangeh lamun blog punika kapilih dados pemenang.
5 comments:
slamet yo mas... aq tak yo melu2 masang ah menowo ketiban duren kaya sampeyan..
ngaturaken salam kenal..
Berkah lan rejeki yen lagi teko ora bisa ditolak, kosok baline yen arep lungo yo ora biso dicegah. Panjenengan tompo kanugrahaning Gusti ingkang komplit, jabang bayi lan duit. He 3x sepisan maneh proficiat mas..
Matur nuwun, Mbah, lan kasinggihan makaten! Donganipun Mbah Suro tansah kaantu-antu kangge si thole. hehehe..
duh Mas Kandar....
Bingung anggonku arep ngomong iki, wis pokok'e ndherek mangayubagyo senadyan telat nggonku komentar iki yo Mas, Matur Nuwun...
mas kandar....
aku lagi wa nemu blog sampeyan tapi....
aku krasan menthelengi lan ngrungoke gending uyon2e. jare wong tuwoku..nyenegke uwong ki pahala. mugo2 sampeyan sakluarga tangsah enthuk pahala.
matur nuwun
Post a Comment