Tembang sing iki ncèn nyiamleng tenan. Kèlingan dhèk jaman isih digéndhong trus diléla-léla nang pinggir sawah! Waaa... 😁✨
https://youtu.be/_iBaRMh9lyU
Lir ilir, tanduré wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temantèn anyar
Bocah angon pènèkna blimbing kuwi
Lunyu lunyu pènèkna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira kumitir bedhah ing pinggir
Domana jrumatana kanggo séba mengko soré
Mumpung gedhé rembulané
Mumpung jembar kalangané
Gya suraka surak hayu
#lirilir #lir_ilir #ilirilir #ilir_ilir #bocahangon #cahangon
Friday, May 11, 2018
Lir-ilir - Apri & Mimin
Monday, January 22, 2018
Lunging Gadhung - Céngkok Goro-goro - Ki Hadi Sugito
Lunging gadhung rumambat ing kambil gadhing.
Manuk podhang méncok ing papah gedhang
sarwi nucuk wohing klédhung.
Nyai randha anèng sendhang
mèdhak-mèdhèk ngumbah gadhung.
Kyai dhudha nyangking bendho
anutuh kayu bendha.
Jroning gedhong ana éndhang
angroncé sekar srigadhing
Yung... Biyung... nyoh putramu mongen, Biyung.
Friday, November 10, 2017
Orizha Widiasari - Suminten Edan - Lg Tembang Kangen
SINOM 'Memanismu'
Memanismu kang ngujiwat
agawé rujiting galih
Mara apa kang sinedya
upama mundhuta rukmi
tartamtu tak turuti
Ibarat wong numpak prahu
lumampah tanpa welah
ing madyaning jalanidhi
Temah gonjing anggènjong nèng pagulingan
Saksikan versi lengkap limbukan ini dalam lakon: Sesaji Raja Soya
Dalang: Ki Seno Nugroho
Video Lengkap: https://www.youtube.com/watch?v=Nr3vw...
Video Credit (jangan lupa subscribe): PWKS Live (https://www.youtube.com/channel/UC94X...)
Monday, November 06, 2017
Bawa Pucung Kebersihan
BAWA PUCUNG 'KEBERSIHAN'
BAWA:
panyuwunku
dha gatèkna piwelingku
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
kebersihan ketertiban dèn tindakna
PALARAN:
resik iku
pérangan iman satuhu
mèlu sabiantua
program pemréntah sayekti
lahir batin mbudidaya adipura
LANCARAN:
kabèh baé gatèkna welingku
sing sregep lé nyapu sakiwa tengenmu
sing ruko sing bakul warung lan sing tuku
sing mlaku kudu nggugu
ngurmata sungkana nang tandang pasukan kuning
nadyanta ora menging
éling kebersihan dadi warga kang resikan
resik nyata becik saya nyengguh kesarasan
nadyan amung dluwang ra patut disawang
sanyata larahan tegesan ra karuan
sing padha tumata larahané wadhahana
ja mbuang ana kali
mili ora lintir tundhoné wis mesthi banjir
mula dha élinga kebersihan budayakna
Arr.: Manthous
Tuesday, September 26, 2017
Thursday, September 14, 2017
Jaranan - Gendhing Dolanan Anak (PLK Yogya) - Audio
Ha mbok sumprit, tekan saiki aku durung tau numpak jaran séjéné jaran képang!
Wednesday, September 13, 2017
Tuesday, September 12, 2017
Monday, August 28, 2017
Bahasa Jawa ing Bandara Adisutjipto Jogjakarta
Lagi ngeh yèn pengumuman boarding ing Bandara Adisutjipto Jogjakarta uga nggunaaké basa Jawa saliyané basa Indonesia lan Inggris.
Wednesday, March 02, 2016
Jangkrik!
Grompol Mataram (Gendhing-gendhing Instrumental Jawa) - MP3
Tuesday, March 01, 2016
Ungak-ungak...
Wanci ngancik tengah wengi sadurunge tanggal 1 Maret 2016 lingsir, aku kok banjur dielingake marang blog sing wis suwe jan kapiran tenan iki. Eeee... idhep-idhep ibarate ungak-ungak omah sing wis suwe ditinggal lunga tanpa taliwara, wengi iki tak nulis ora ketang sak jleretan.
Postingan kari dhewe setahun kepungkur. Iku wae merga ana sing titip dhawuh nempelake video yasane sing paring dhawuh, Om Esthu, hehehe... Jan-jane akeh sing isih ngantu-antu postingan rekaman MP3 wayang Ki Hadi Sugito. Lha ning paling-paling koleksi sing tak duweni ya wis padha kagungan, kepara malah luwih komplit tinimbang gablegku! Ning jan-jane ya merga wis ora duwe koleksi pita kaset saliyane sing wis tak konversi dadi MP3. Kabeh wis tak aturake. Arep luru kaset maneh ana kendhala, kejaba ragat ya uga kesempatan sing cupet kanggo mrana-mrene.
Dadi, njur apa ya sing isa diaturake maneh ing laman iki? Wis pokoke idhep-idhep angon ati karo pamikir supaya ora mung bumpet dadi kukul lan penyakit, ya wis aku tak gliyak-gliyak maneh nulis sawernaning ubet liwering urip ing bebrayatan agung iki.
![]() |
| "Sawah kulon omah, ngarepake mangsa panen." |
Wednesday, March 04, 2015
Tuesday, November 04, 2014
Friday, May 23, 2014
Tari Bambangan Cakil - Anucha Sumaman and Thabo Isaac Rapoo 2008
Sapandurat mbokmenawa ora ana sing istimewa saka video iki. Nanging yen pamirsa priksa sapa sing maragaake Bambangan lan Cakil ing video iki, dak kira banjur pada ngungun. Paraga Bambangan ing beksan Bambangan Cakil ini diselirani dening Anucha Sumaman, nom-noman saka Thailand. Dene sing maragaake Cakil yaiku nom-noman saka Afrika Selatan, Thabo Isaac Rapoo. Luwih-luwih yen uga nggatekake sing padha nabuh gamelan, ora liya uga nom-noman seka manca negara sing sakabehe lagi unjuk ketrampilan sawise digembleng sajroning 3 sasi rikala pada ambyuk ing Indonesian Arts and Culture Scholarship 2008.
Link video jangkep bisa dipriksani ing: http://www.youtube.com/watch?v=1zeFhhx7oZ8
Wednesday, September 25, 2013
Celtic Woman - Nella Fantasia
NELLA FANTASIA (In my fantasy)
Nella fantasia io vedo un mondo giusto,
Lì tutti vivono in pace e in onestà.
Io sogno d'anime che sono sempre libere,
Come le nuvole che volano,
Pien' d'umanità in fondo all'anima.
Nella fantasia io vedo un mondo chiaro
Lì anche la notte è meno oscura.
Io sogno d'anime che sono sempre libere,
Come le nuvole che volano.
Pien' d'umanità.
Nella fantasia esiste un vento caldo,
Che soffia sulle città, come amico.
Io sogno d'anime che sono sempre libere,
Come le nuvole che volano,
Pien' d'umanità in fondo all'anima.
Terjemahan (Jawa)
Ing pangangen-angenku aku weruh donya mung sajuga
Ing endi saben wong urip ing katentreman lan kejujuran
Aku duwe pangimpen ngenani suksma sing tansah merdika
Kaya mega sing ngawang
Kebak rasa kamanungsan ing telenging kalbu
Ing pangangen-angkenku aku weruh donya kang padhang
Ing ngendi saben wengi ana kurang peteng
Aku duwe pangimpen ngenani suksma sing tansah merdika
Kaya mega sing ngawang
Kebak rasa kamanungsan
Ing pangangen-angkenku ana angin kang anget
sumilir menyang kutha, pindha rowang
Aku duwe pangimpen ngenani suksma sing tansah merdika
Kaya mega sing ngawang
Kebak rasa kamanungsan ing telenging kalbu ***
Wednesday, March 20, 2013
Monday, June 04, 2012
Monday, April 30, 2012
Wahyu Widayat - MP3 Wayang Ki Hadi Sugito
01 - Wahyu Widayat - 1A.mp3 02 - Wahyu Widayat - 1B.mp3 03 - Wahyu Widayat - 2A.mp3 04 - Wahyu Widayat - 2B.mp3 05 - Wahyu Widayat - 3A.mp3 06 - Wahyu Widayat - 3B.mp3 07 - Wahyu Widayat - 4A.mp3 08 - Wahyu Widayat - 4B.mp3 09 - Wahyu Widayat - 5A.mp3 10 - Wahyu Widayat - 5B.mp3 11 - Wahyu Widayat - 6A.mp3 12 - Wahyu Widayat - 6B.mp3 13 - Wahyu Widayat - 7A.mp3 14 - Wahyu Widayat - 7B.mp3 15 - Wahyu Widayat - 8A.mp3 16 - Wahyu Widayat - 8B.mp3







