Friday, September 11, 2009

Sarasehan (2 & 3) - Jumlah lan ciriwanci

SAWIJINING dina nalika lenggahan ing sangisoré wit rambutan ngarep omah, Bapak katon mèsam-mèsem dhéwé. Saben-saben banjur unjal ambegan landhung.

Wusana Bapak ngendika, “Lé, sawah tegalan warisané mBahmu iku jebul amba tenan ya… Coba bayangna: kabèh ana 46 kothak ing 17 pathok. Pancen ana sing papané rada adoh, nanging ing papan mau wis ana gubugé kanggo lèrèn saben-saben nggarap lemah mau. Kanthi lemah kang akèh lan amba mau, saiki awaké dhéwé bisa tandhon gabah 5 ton ing lumbung. Malah Bapak wis milih sapérangan kanggo winih. Kuwi kabèh isané kelakon ya merga kowé mèlu cawé-cawé tumandang. Luwih-luwih merga akèh sedulur kang apikan atèn, gelem sambatan, urun tenaga lan pikiran wiwit saka plabuh nganti tekan panèn. Tujuné mBahmu wis milih para sedulur kang kudu ngupakara lemah-lemah mau, luwih-luwih sing papané adoh. Dadi cetha yèn awaké dhéwé wus nampa pitulungan kang akèh ya Lé!”

Lumrah mewawa Bapak banjur mèsam-mèsem dhéwé sanadyan lagi sayah. “Lé, kéné… mijeti Bapak! Éh, mijeti Bapak mono ajiné padha karo macul lemah 17 pathok, utawa mémé gabah 5 ton, lho! Dadi ora baèn-baèn, héhéhé…” [skd]


***


ING dina candhaké Bapak katon gumujeng dhéwé, ning saiki kanthi ngelus-elus wit rambutan kang pancèn wis alus merga saben dina kanggo seséndhé geger kang kebak kringet. Sapandurat Bapak mirsani woh-woh rambutan kang sapérangan wis semburat abang.

Bakda iku Bapak banjur mendhak lan astané nguthik-uthik lemah karo ngandika, “Lé, Gusti kuwi yèn nitahaké samubarang pancèn ngéram-éramaké ya! Mung awaké dhéwé waé kang sok kurang nggatèkaké, uga marang bab kang katon sepélé ing ngarepé dhéwé. Coba gatèkna! Lemah iki karo lemah kono iku padha. Nanging lemah sing padha mau bisa nuwuhaké tetanduran sing béda – ana rambutan, alpukat, pelem, katès, pari, jagung, lan liya-liyané – lan uga bisa ngasilaké woh kang manéka warna – manis, kecut, sepal lan sepet. Horoh, apa kang marahi béda rasané?” Bapak ngremet lemah, semuné bakal nularaké gumuné marang aku.

Pangangenku mider marang lemah-lemah kang sumebar ing 17 papan mau. Sanadyan Bapak ora ngendikaaké, aku mangerti menawa lemah-lemah mau uga duwé ciriwanci kang manéka warna. Ana kang cocok ditanduri apa waé, ana kang mung bisa nuwuhaké pari lan palawija, ana uga kang mung cocok kanggo nandur woh-wohan lan wit-witan. Éwa semono kabèh mesthi bisa ngasilaké.

Dumadakan tuwuh pitakonan ing atiku, “Pak, miturut panjenengan, lemah ing sisih wétan kaé cocoké ditanduri apa?”

“Lho, sing mokoki nggarap rak kowé toh, Lé? Lha saben Kemis jaré kowé nggarap lemah kana, mosok takon Bapak?”

Aku dadi clingusan lan banjur tumungkul naliti kabèh kang wus dak tindakaké… [skd]

*) Tulisan 2 & 3 saka 9.

Sunday, September 06, 2009

Sarasehan (1) - Atur panuwun, pandonga lan kekudangan *)

Cecala:
Donyaning pertanian yèn diudi lan diresep-resepaké bisa mènèhi inspirasi mungguhing urip sing kebak kanugrahan lan patut disyukuri. Swasana padhusunan sing ayem tentrem sajatiné uga bisa nuwuhaké katresnan marang désa minangka papan kang éman yèn ditinggalaké. Ing kana panguripan kagelar malubèr-lubèr, ora kalah karo gumebyaring swasana kutha. Mung émané, generasi mudha saiki akèh sing keblinger marang kutha, dianggep ing kana uripé bakal luwih mapan. Tulisan cacah sanga (9) sing arep dak aturaké iki dak tulis tahun 2003 ing tlatah Wonogiri, Jawa Tengah. Wektu iku dipigunaaké kanggo sarasèhan paguyuban umat Katolik ing kana. Nanging sejatiné bisa kanggo sapa waé sing tresna marang donyaning olah tetanèn lan kulawarga. Tinimbang ilang dipangan rayap, mula dak upload ing kéné. Muga-muga migunani.[*]

NALIKA srengéngé lagi panas-panasé, kahanan ing sangisoré wit rambutan ngarep omah krasa nentremaké. Godhonging wit iku ngayomi saka kumetèping surya, déné angin kang sumilir saka sawah sabrang dalan bisa nundhung panasing hawa awan iku. Ocèhing manuk kang sesautan nambah ayeming swasana lan keprungu luwih éndah tinimbang nyanyiané biduan ing radio.

Sangisoré wit rambutan iku ana lincak saka pring. Ya ing lincak iku saben-saben Bapak ngaso sakonduré saka nyambut gawé ing sawah, lèyèh-lèyèh sinambi nyawang tetandurané, embuh pari, jagung, kacang utawa dhelé miturut mangsané. Kalamangsané Bapak mèsem mirsani tetandurané kang merak ati lan nuwuhaké pangarep-arep. Yen wis mangkono, ora lali Bapak banjur ngidungaké bawa Dhandhanggula ‘Kanca Tani’, kaya-kaya dadi kidungan atur panuwun awit kanugrahan asiling bumi kang wus bisa disawang.

Ngendikané Bapak, “Dadi wong tani mono kudu tansah sumadhia molahi lemah, nenandur, ngrabuk, nyirami, matun, mbrastha ama penyakit... lan kudu sabar telatèn nganti tekan titi wanciné panèn. Mung kanthi mangkono wong tani bisa ngertèni menawa Gusti tansah mbiyantu anggoné awake dhéwé molahi bumi kang wus diparingaké. Ing mansa panèn, wong tani bisa ngrasaaké kanugrahan Dalem Gusti kanthi wutuh. Mula aja pati-pati nebasaké panènan!” Bapak dhéwé mula tansah sengkut anggoné garap lemah warisané simbah. Kejaba iku uga tansah gambira kaya-kaya ora tau métung asilé.

Pangandikané Bapak mau nuntun atiku marang sikap syukur; syukur awit rumangsa yèn Gusti tansah mirsani donga lan pambudidayané manungsa. Mbok menawa keyakinané Bapak ngenani bab tumemen lan sabar ing pakaryan nganti pungkasan mau mungguhing jaman saiki kurang popular. Awit wong saiki mono luwih seneng marang sing sarwa instant, ngertiné wis sarwa siap. Mula pancèn laku utawa prosès iku ora bisa disepèlèkaké, luwih-luwih lakuning urip, kudu temen nganti pungkasan. “Pokoke kudu sabar nganti tekan mangsané panèn, supaya bisa nduwèni atur panuwun!” mangkono ngendikané Bapak.

Embuh kapan mangsa panèn iku bakal kelakon, bisa cepet nanging bisa uga isih suwé. Mung waé katoné Bapak tansah setya ngidungaké Dhandhanggula ‘Kanca Tani’ mau. Saka rumangsaku, kanthi tansah rengeng-rengeng Bapak katoné wis bisa ngrasaaké kanugrahan Dalem Gusti jroning urip iki. Mula Bapak ngendika, “Kidung iki mujudaké atur panuwun, pandonga lan uga kekudangan, Lé…” [skd]



*) Tulisan 1 saka 9.

Friday, September 04, 2009

Padhanging ati, padhanging nalar, padhanging urip

Sing njalari ati kalipur tumrape wong siji lan sijine mbokmenawa beda-beda. Nanging, panglipur awujud apa wae, mesthi dilantari tembung utawa ukara. Sanadyan ora kawedal ing lathi, nanging ukara iku bisa dumeling ing talingan. Tembung lan ukara sing dumeling ing talinganing ati, saka pangrasaku luwih gedhe dayane tinimbang tembung-ukara sing keprungu liwat kuping ing kiwa-tengen sirah iki.

Mung wae, ana tembung-ukara sing banjur bisa rumasuk ing ati, ana uga tembung-ukara sing 'mlebu kuping kiwa, bablas metu kuping tengen'. Iku gumantung saka kahananing pribadi. Kahanan ati sing tansah padhang jalaran ana sesanggeman tetembungan utawa ukara-ukara suci sing dipitayani lan dijaga-digegulang, mesthi luwih wicaksana anggone ngadhepi kahanan. Merga atine padhang, pamikire uga luwih ndalan, uripe tansah caket lan gampang marang lelipur, kepara malah bisa nglipur awake dhewe sanadyan lagi nemahi kangelaning urip. Nanging, kahanan ati sing rina-wengi mung tansah peteng ya bakale kangelan nyipati utawa ngrasaake lelipur.

Ing tataran tertamtu, ati bungah utawa ora iku bisa merga pilihan! Milih tembung-ukara sing njalari padhanging ati, utawa sing njalari petenging ati?

Menganggo kacamata bening, mesthi beda pengaruhe tinimbang yen nganggo kacamata ireng, ijo, biru, kuning, utawa abang! [skd]


Advertising free mortgage calculator