Friday, April 11, 2008

Carane ngundhuh file seka Easy-Share

Gandheng ana sawetara kadang sing durung ngerti carane ngundhuh (download) MP3 wayang sing dak aturake ana ing blog-ku iki, mula saiki dak aturake carane:


Sawuse panjenengan ngeklik "download" ing saburine track MP3 wayang sing dikersaake, banjur muncul situs Easy Share ing kaca anyar. Panjenengan kudu geser mudhun nganti katon bagian sing kaya dak lampirake ing Gambar 1.


Ing kono tinulis "Seconds to wait ..." lan cacahing detik sing bakal itung mundur (Gambar 2). Suwening wektu gumantung saka antrean download. Yen pas begja biasane mung 20 detik, nanging bisa uga ngenteni nganti 500 detik! Mula sabar...




Yen detikane wis rampung bakal katon kode alfa-numeric sing kudu diketikake ana ing sajerone kotak isian (Gambar 3). Banjur tombol "Download this file" dipencet. Proses download bakal wiwit, lan mengko arep disimpen ing ngendi manut sakersa panjenengan. Rampung!

Sugeng ndownload!

Available to download: click here!

2 comments:

Anonymous said...

Nuwun sewu Kangmas Kandar. Rumiyin kulo saget ngunduh kanthi lancar, mboten ketang kedah nenggo itungan mundur ngantor 500 detik. Anoman Takon Suwargo kaliyan Semar Mbangun Kayangan sampun komplet. Ananging kalih minggu menika, sajak wonten sekedhik masalah. Itungan mundur namung kawiwitan saking 20, ananging angger sampun nyandak angka 1, mboten kok ketingal kode, malah lajeng mbalik malih dumateng angka 20. Mekaten sakterusipun, saenggo kulo dereng saget ngunduh lakon-lakon ingkang enggal. Pramilo, kagem jampi kapang, kulo namung saget muter lansung liwat web, temtunipun sanget gumantung dhumateng kualitas jaringan lan bandwidth ingkang cumawis. Sok radi rendhet. Mbok menawi wonten trik sanes sageto dipun aturaken.
Maturnuwun sanget lho mas Kandar, sampun saget paring panglipur dhumateng kulo ingkang sakmeniko ngayahi jejibahan wonten ing negeri monco.

Kandar Ag. said...

Mas Bodronoyo...maturnuwun sampun paring feedback. Kula badhe ningali rumiyin kinten-kinten punapa ingkang boten beres. Nanging mbok bilih saged dipun cek Internet Options-ipun, cobi dipun clean langkung rumiyin. Utawi medal Start>"Run" lajeng dipun ketik %temp%, enter, lan dipun delete sadaya file ingkang ketingal ing mriku.
Mugi-mugi saged langkung lancar.

Kula remen mireng kabar bilih panjenengan saged pikantuk MP3 wayang rikala wonten ing manca negari. Sukses Mas Bodronoyo!

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator