Wednesday, April 23, 2008

Kresna Duta - MP3 Wayang Ki Timbul Hadiprajitna

Para kadang sutresna budaya, luwih-luwih para pandhemen wayang kulit, 10 lakon wayang dening dhalang Alm. Ki Hadi Sugito wis rampung dak aturake. Ana sawetara kadang mitra sing mundhut priksa MP3 wayang Ki Timbul Hadiprajitna. Lha saiki dak aturake ing kene. Aku mung duwe salakon, "Kresna Duta".

Yen lakon-lakon sing dhisik nggunaake layanan Easy-Share, kanggo lakon ini aku nggunaake layanan 4Shared, supaya bisa dipidhangetake preview-ne. Sumangga, muga bisa nambah koleksi MP3 wayange lan nambahi rasa katresnane marang kabudayan Jawa.


All tracks = 136 Mb, 16 tracks
Format = MP3
Bitrate = 40 Kbps
Duration = 8 hours

01 - Kresna Duta 1A.mp3
02 - Kresna Duta 1B.mp3
03 - Kresna Duta 2A.mp3
04 - Kresna Duta 2B.mp3
05 - Kresna Duta 3A.mp3
06 - Kresna Duta 3B.mp3
07 - Kresna Duta 4A.mp3
08 - Kresna Duta 4B.mp3
09 - Kresna Duta 5A.mp3
10 - Kresna Duta 5B.mp3
11 - Kresna Duta 6A.mp3
12 - Kresna Duta 6B.mp3
13 - Kresna Duta 7A.mp3
14 - Kresna Duta 7B.mp3
15 - Kresna Duta 8A.mp3
16 - Kresna Duta 8B.mp3


Yen ngersaake Kresna Duta - Ki Hadi Sugito, klik kene!

Powered by: Cowon JetAudio & 4Shared

Join 4Shared Now!

9 comments:

MAW said...

Wah, matursuwun, Mas. Sesuk upama wus mlebu kantor bakal ndakundhuh kabeh mp3 wayange. Pesenku, Mas, judhule kleru le ngetik. Diketik krena dudu kresna.

Kandar Ag. said...

Hehehe...klentu...badhe kula leresaken. Maturnuwun, Mas Arif!

GLUCKFISH said...

mas...mbok kula nyuwun lakon-lakon wayang ki timbul hadi prayitno sanesipun kresna duta. kresna duta sampun kula undhuh mas..matur suwun nggih..

MOROTANJEK said...

Matur Nuwun, SUKSES untuk pelestarian wayang, budaya adiluhung bangsa kita tercinta!!!

Anonymous said...

matur suwun mas tak nggo tamba kangen, cah yogya ngulandara adoh neng ukraina, saiki kangen nom -nomanku nonton wayange ki Timbul Hadiprayitno saka Bakulan Bantul, matur suwun sanget pawiro sentono

Anonymous said...

o iya mas, kagungan lagune waljinah sing judule nginguk karo konangan ora, yen kagungan mbok di upload tak nggo tamba kangen

HOKIKU said...

Matur nuwun Mas Kandar. Kula sampun donlot Kresna Duta kanthi sae.

Kang Jie Roo Lou

Unknown said...

Mas kandar, salam kenal nggih...kulo ajeng downlod MP3 wayang Kresno Duto. Matur Suwun sakderengipun.
Saking Dody

edy santoso said...

mas kandar,matur nuwun sanget, saget kangge tombo kangen tanah jowo.kulo teng daerah sumatra mboten nyate ningali wayang

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator