Tuesday, March 04, 2008

Download MP3 Wayang Kulit - Ki Hadi Sugito

Wah wah wah waaah... bareng padha priksa anane MP3 wayang kulit, akeh pandhemen sing ngersaake dikirim kopiane, sanadyan mung maringi alamat email tanpa alamat daleme. Hehehe... ternyata isih akeh sing nresnani kabudayan siji iki. Mula aku golek cara kepriye supaya bisa ng-upload file MP3 wayang sing gedhe ukurane iku, kareben pada kanca bisa kebagean nyamlenge mat-matan ngrungokake MP3 wayang kulit.

Aku wus nyoba upload ing salah sijining sosial networking site sing nyedhiaake space kanggo audio file, klebu multiply.com. Nanging ing kana aku bola-bali kangelan. Aku uga nyoba ing situs liya yakuwi MyVieWin.com. Sayange, situs iku n-delete file-file sing wis dak upload, jarene marga situs iku ora kanggo sharing file musik, nanging mung kanggo ngrungoake wae. Kamangka aku wus nemokake link-link-e! Tibane aku upload ing SnapDrive, lan sukses! Syukur... Nanging file-file iku mung bisa dirungokake. Kejaba yen duwe account premium. Mula aku uga upload ing 4Shared supaya bisa didownload. Pfff...

Asline sak-file MP3 wayang kulit sing dak upload rata-rata ukurane 30 MB. Kepeksa file-file mau dak kompresi nganggo Cowon JetAudio 7. Sing maune 30 MB (128 kbps) dak dadekake udakara 9 MB (40 kbps) saben file. Dadine pancen ora standar, nanging mengko sawuse di-download bisa dikonversi maneh supaya dadi 128 kbps kareben suwarane luwih alus.

Lakon sepisanan sing dak upload (seka 10 lakon sing aku duwe) yaiku Antareja Mbalela, dening dhalang Alm. Ki Hadi Sugito. Saben lakon ana 16 tracks merga aku mung mindhah rekaman pita kaset audio (8 kaset selakon), saben kaset duwe side A lan B. Mula ing file-file iku mengko ana keterangan alfa-numerik ing saburine judhul track.


Carane Download:

Yen panjenengan cukup ngersaake play wae marang track tertamtu, panjenengan bisa milih seka playlist lan klik dobel ing file sing dikersaake.
Yen ngersaake download panjenengan perlu doble-click tulisan DOWNLOAD ing saburine file sing arep didownload. Sabanjure bakal ana halaman situs 4Shared. Ing kana Panjenengan bisa midhangetake dhisik kanthi ngeklik play ing player sing kapacak, utawa langsung ndownload kanthi ngeklik link sing mapan ana sangisore tabel katerangan.

Sumangga dipun waradinaken... Sugeng wungon! Lan ampun supe nyembahyangaken Alm. Ki Hadi Sugito amrih pinaringan katentreman lan kabingahan langgeng ing swarga. ***



Get your own playlist at snapdrive.net!


ANTAREJA MBALELA - Ki Hadi Sugito - MP3 (All tracks = 139.4 MB 40kbps)

01-ANTAREJA MBALELA-1A.mp3
02-ANTAREJA MBALELA-1B.mp3
03-ANTAREJA MBALELA-2A.mp3
04-ANTAREJA MBALELA-2B.mp3
05-ANTAREJA MBALELA-3A.mp3
06-ANTAREJA MBALELA-3B.mp3
07-ANTAREJA MBALELA-4A.mp3
08-ANTAREJA MBALELA-4B.mp3
09-ANTAREJA MBALELA-5A.mp3
10-ANTAREJA MBALELA-5B.mp3
11-ANTAREJA MBALELA-6A.mp3
12-ANTAREJA MBALELA-6B.mp3
13-ANTAREJA MBALELA-7A.mp3
14-ANTAREJA MBALELA-7B.mp3
15-ANTAREJA MBALELA-8A.mp3
16-ANTAREJA MBALELA-8B.mp3

Powered by: Cowon JetAudio, free file hosting and Join 4Shared Now!

60 comments:

mydearjoko said...

Mas, rekaman Ki Hadi Sugitonipun kok mboten saged dipun download....
Menawi wonten cara khusus mbok kersa maringi pirsa.... maturnuwun

Kandar Ag. said...

Sampun kula dandosi link-ipun, Mas...
Mangga dipun sakecaaken...

Matur nuwun sampun rawuh ing mriki.

mydearjoko said...

Mas suaranya sudah bisa saya dengar namun ketika saya download yang muncul adalah file nonpremium.mp3 yang isinya pesan dari www.snap.net.... bagaimana mas biar saya bisa download?terimakasih

Kandar Ag. said...

Panjenengan kudu login/registrasi dhisik ing SnapDrive. Lagi bisa download full.
Makaten, mugi mbiyantu.

Unknown said...

kula sampun login, sampun kepanggih lokasinipun file... tapi koq proses terus... dereng saget download.

rencang-rencang ingkang saged... monggo sami "sharing ilmu"...

Unknown said...

wah...kula angkat tangan... pun nyobi macem macem cara..tetep mboten saged download. namung saged download nonpremium.mp3... wah jan pripun nggih.

Unknown said...

Snapdrive.net now has an integrated flash mp3 player. You can easily generate it right within your snapdrive.net account!

On a side note, we no longer let free accounts generate direct mp3 download links due to severe abuse.

If you wish your existing mp3 download links to function you must upgrade to a premium account.

Unknown said...

siiip mas... sakmenika sampun saged dipun download. Matur Nuwun Sanget... saged kagem rencang sambang dalu.

mydearjoko said...

Mas Kandar maturnuwun sampun kersa upload Rekaman Ki Hadi Sugito... mugi-mugi saget migunani tumrap sedaya penggemar Ki Hadi Sugito.... Mugi-mugi Swargi Ki Hadi Sugito arwahipun dipun tampi dening Gusti Allah kang maha kuwasa lan dipun paringi panggenan ingkang sae.... Amin ya robbal alamin....

paimin said...

ngaturaken gunging panuwun

Warsidi, CA said...

Mas CD wayang kulit kanggo tombo kangen. Syukur-syukur aku oleh dalam bentuk CD

TIA MAHENDRA BLASIUS said...

Matur nuwun bornjavanese, kula saged ndownload mp3 punika kanthi gampil. Amrih langkung cepet mbokmenawi rencang-rencang kedah masang download manajer.

Unknown said...

mas kandar kulo nyuwun wayang kulit lakon wisanggeni lahir dalang ki Hadi Sugito, maturnuwun

Unknown said...

mas kandar kulo tunggu wayangipun lakon wisanggeni lahir awit kulo remen sanget lakon meniko, matur nuwun sak derengipun

Valentino Rosid said...

matur nuwun mas kandar, kepengenan kulo sampun kelakon midangetaken Dalang Gito. BIlih kulo meniko teseh setunggal kabupaten kaleh pak dalang. Pramilo kulo remen sanget saksampunipun angsal rekamanipun pak Gito.matur nuwun sakderengipun,,,

Ki Ageng Pamanjaran said...

Mas kula mbok dikirimi sing versi CD. saged mboten?? nek wonten kaset-2 kethoprak nggih purun...

http://romansecuil.blogspot.com

Anonymous said...

Mas Maturnuwun nggih..kulo nderek download, kulo kerjo wonten jakarta, naliko kangen kampung (jogja) kulo mirengke wayang kangge tombo kangen...Matur Nuwun....

masPenyo said...

mas Kandar tepangaken kawulo penyo saking berbah sleman, matur nuwun sampun keparengaken download, nuwun sewu lakon kresna kembar kagungan mboten nggih

supermint ys said...

mas kandar, menawi wonten dagelan mataraman Ki Basiyo,nyuwun di upload nggih.
suwun sanget.

suparmin ys.

Kandar Ag. said...

@Supermint ys:
Wonten...nanging sanes kula ingkang ngonvert je...dereng wantun kula upload. hehehe...

Anonymous said...

Wah , bagus banget iki

Mustafa Setiyo Nugroho said...

kunlo nuwun ... nderek moco mas..

-mustafa-
depok

Nugroho ST said...

Mas kandar, nyuwun izin download njih .....
matur nuwun.....

Unknown said...

mas kandar, dos pundi kabarnya?
mpun sakwetawis mboten donlot hihihi...
mbenjang menawi wonten wekdal, bade nyuwun nyedot malih... nuwun, mas

SU7UD MARWOTO said...

matur nuwun kang mas, kanthi ringgit meniko senajan namung MP3 nanging tumrap kawula menika sampun cekap kagem leyeh-leyeh wonten dalem kaliyan midangetaken ringgit wacucal menika.

mugiya sami rahayu.

Jemani Romance

Tri Efendi said...

nuwun sewu sedaya pini sepuh :p
ijin donlot setunggal nggih..
suwun"

M. AVERIANTORO said...

Syukur wonten ngarsanipun kang murbeng dumadi, bilih akhiripun kula saget manggihi 'website'-ipun mas Kandar. Mboten dipun jarag, namung nuruti, kekangenan dumateng wayang purwa. Lan ingkang damel kula langkung bingah, amargi Ki Hadi Sugito punika, dalang "favorit" kula.
Pramila, nyuwun ijinipun, ngundhuh lelakon wayan gpurwa ingkang sampun dipun wedharaken. nembah nuwun kula aturaken kanti sanget dumateng Mas Kandar. (menawi kathah klentu anggen kula atur, nyuwun agunging pangaksami).

MPG WARUDJU said...

Ass wr wb
Pamuji Karahayon,
Kula ndherek ngundhuh Antareja Mbalela, katemben wau.Matur nuwu sanget inggih.

Wass wr wb
taklim kula
Mpg WarudjuAss,wr wb,

nano said...

Mas, ono wayang seko dalang Ki Timbul Hadiprayitno nopo mboten..???
Menawi wonten, kulo suwun saget dipun Upload.
Matur suwun

Kandar Ag. said...

@Mas Winarno: Wonten, Mas...nanging namung setunggal, lakon Kresna Duta.

Aziz said...

Mas file 16 antareja mbalela (file terakhir) mboten saget di puter mp3 ne, nyuwun tulung dipun upload maleh nggih...maturnuwun saderengipun.

Kandar Ag. said...

@I.Z.Y: Saged kok... mangga dipun ambali anggenipun download, ukuranipun 8,798 KB.

Sugeng wungon, lan matur nuwun sampun rawuh mriki. (``,)

Aziz said...

Taksih mboten saget diputer mas file terakhir antareja mbalela nipun, sampun kaping gangsal download ipun.

Kandar Ag. said...

Anggenipun muter ngagem menapa, Mas? Kula ugi nyobi download, lan kaputer mawi JetAudio saged kok...

Aziz said...

muteripun ngangge windows media player mas, dereng nyobi muter ngagem sanesipun.

Aziz said...

Tapi file nomer 1-15 saget di puter mas, namung file ingkang nomer 16 mboten saget.

Kandar Ag. said...

Weeeh... kula ugi nyobi download lan muter ngangge Windows Media Player ingkang klasik sekalihan ingkang anyar, saged kok... Dos pundi nggih... (``,)

Bagus said...

Matur sembah nuwun mas Kandar kulo sampun saget download ringgit wacucal dalang Ki Hadi Sugito wah...raosipun kulo wonten jawi maleh...sepindah maleh matur nuwun mas Kandar..

Unknown said...

Mas Kandar matur nuwun ringgitipun. kula sampun download sedoyo. langkung langkung menawi Dalngipun ki Hadi Sugito ( Saking Mas Harto )

supriyadi nugroho said...

Maturnuwun kanti sanget blog perkawis ringgit purwa, mugi-mugi saged anzengkuyung lan nguri-uri kabudayaan adi luhung,leluhur kita sedoyo. Lan mugia saged langgeng dugi akhir zaman nuwun...nuwun.... mugia manggih raharja lir ing sambekala.

supriyadi nugroho said...

Menawi renaning penggalih, sawekdal ingkang sae kula kepingin ringgit banzumasan dalang sugino purwocarito, maturnuwun sedrengipun.

WIDYALOKAPALA said...

Asswrwb,
Kawulan nun sewu, Lampahan Wisanggeni Lahir, kok boten wonten inggih..? Maturnuwun paring katranganipun.
wsslm
rahayu
taklim kula
mpg warudju

Unknown said...

Assalamu'alikum wr.wb...
Mathur nuwun sanget Mas Kandar....SMOGA ORANG JAWA TIDAK MENINGGALKAN KEBUDAYAAN JAWA.....dan jadikan kebudayaan jawa sbagai pemersatu bangsa....
Mugi-mugi mas Kandar sekeluargo keparingan raharjo lir sabekala dunia lan akherat......amin

SUGIHAN OK said...

Mas menawi wonten kula nyuwun flash wayang menapa dene gamelan ingkang saged dipunmainaken wonten komputer. matur nuwun

Nurbertus Suryadi, S.Kom said...

Mas, nyuwun bade tanglet, lakon Ontorejo Balelo 8A lan 8B kok eror server njih ngancik 99% dwonload....

Matur nuwun sak derengipun...

Unknown said...

wh saya penggemar berat pak gito... mau cari yang judulnya ANOMAN DUTO dulu dah pernah ada kasetnya tapi dah rusak... ada yang bisa bantu...

Gunwibisono said...

Matur nuwun, kulo fans berat Mbah Ki Hadi Sugito. Sakmeniko kulo saweg nurunaken kegemaran midangetaken wayang dening wonten anak kulo supados budoyo kito saged tetep lestari. Matur nuwun sepindah malih, meniko kulo saweg nyobi download lan mugi2 berhasil.
Salam
Gunawan WIbisono

icasutika said...

upload aja di mediafire

Agustinus Hargo Pramudya said...

Mas Kandar,
kok ing wingking judhul wayang kok mboten wonten tulisan "download"-ipun, ingkang badhe dipun klik? Punapa komputer kula ingkang mboten beres...?

djawawoet said...

Maturnumun mas Kandar...kulo sampun ngunduh lampahan suryatmaja maling.
mugi panjenengan sak kuluarga tansah pinaringan basuki rahayu saking Gusti Allah...amin.
salam saking Lampung.

Unknown said...

kulo nuwn Mas Boz...
kulo badhe download MP3 wayang kok mboten saget niki pripun?
mbok tulung njih Mas Boz kulo di bantu

SetiCyber said...

Mas menawi kulo nyun koleksi wayang MP3 dikopi ten DVD saget mboten nggih. Ongkir nipun kulo nderek. Suwun

Setiyo di Yogyakarta

princsetiy@yahoo.com

Papa Cuk said...

Matur sembah nuwun...dalem saged nderek mat-matan midengataken wayang kulit..nuwun nuwun lan nuwun...
Sugeng Paskah lan berkah Dalem..

Benidictus tri rahadi - muntilan jateng

orotsa said...

kulo nuwun mas...
nderek matur meniko ingkang 8a kalian 8b kok mboten waget slesai 100% download tipun mas,
matur suwun

Kandar Ag. said...

@Mas on: Sumangga dipun ambali malih, Mas... sampun kula dandosi kok. Matur nuwun feedback-ipun. (``,)

azharandypinoxx said...

wah.. sahe sanget nikin pak... maju teruss Born Javanese

d-Day.Widayat said...

Kang, tulung menawi sempet ingkang lakon Wisanggeni gune Ki (alm) Hadi Sugito jenengan upload teng Mediafire.com mawon,,margi teng 4shared niku menawi mboten member donlote suwi temenn,,mosok 1 file isok 50an menit,,nek 10 file kan isok mundak 500 menit alias jam2an,,wkwkwkwk,,salam wayang lestari!

Unknown said...

turnuwun geh..........

Unknown said...

izin download geh mas, matur suwun

Unknown said...

izin download geh mas, matur suwun

Post a Comment


Advertising free mortgage calculator